Tumpeng iku cara
nyuguhaké sega lan lawuh jroning wangun bucu; amarga saka kuwi banjur diarani
sega tumpeng. Olahan sega sing dianggo umumé arupa sega kuning, senadyan kerep
uga digunakaké sega putih biasa utawa sega uduk. Cara nyuguhaké sega iki mligi
Jawa utawa masyarakat Betawi katurunan Jawa lan biasané disuguhaké wektu
kenduri utawa prayaan mèngeti kedadéyan wigati. Senadyan mangkono, masyarakat
Indonesia wis ngenal kagiatan iki sacara umum.
Tumpeng
uga diarani tumpukan sega kang padhet. Tumpeng bentuké kerucut. Bentuk kerucut
nduwéni filosofi pangarep-arep supaya urip saya munggah lan dhuwur ing bab
drajat, pangkat, lan martabat.
Tumpeng
tau diklaim dadi duwèkké Malaysia. Déné pangan liyané kang uga diklai yaiku
kupat, cendol, lan rendang. Tumpeng kanggo ubarampé upacara ingkang sifatipun
seneng utawa suka uga sedhih. Ing acara ritual, tumpeng biyasané dihias karo
sayuran lan iwak kang nduwéni teges kang sakral lan nduweni pralambang lan pangarep-arep.
Tumpeng
bentuké kerucut lan ditata ing wadah utawa tampah kang diléméki godhong
gedhang. Tumpeng manggoné ing tengah lan diubengi lauk lan sayur.
Jaman
biyèn tumpeng wernané putih, nanging supaya katon éndah tumpeng banjur
diwernani. Saiki tumpeng kuning kang dienggo ing upacara-upacara khusus.
Saliyané tumpeng kuning kang kanggo upacara tradisiomal masyarakat Jawa, uga
ana [[tumpeng putih]. Jaman saiki banjur ana tumpeng-tumpeng kanthi werna
liyané, kayata tumpeng ijo (daun suji campur daun pandan), tumpeng ireng (biji
keluwek utawa abu merang padi), tumpeng abang (sari angkak utawa sari bayam
abang), lan tumpeng orén (sari wortel).
Tidak ada komentar:
Posting Komentar