Alhamdulillah
yen diparingi sehat, cobo wae bayangna yen suggih kabeh kabutuhan kecukupan.
Nduwe omah apik, nduwe mobil, nduwe tivi limo nanging yen mripate belekken
lakyo ora wangun tha? Aku banjur kelingan dek dina kamis, dina iku
Alhamdulillah aku sehat. Aku menyang sekolah kaya biasane, aku sekolah
ing SMP faforit yaiku SMP Negeri 1 Pengasih. Tekan sekolah aku banjur mlebu
kelas, ora kroso bel wis muni, iku tandane pelajaran wis arep dilekasi. 15
menit sakdurunge pelajaran iku tadarus moco Al-Qur’an.
Ora kroso anggone jam pelajaran kepisan tekan
pelajaran jam ke-telu uwes rampung, saiki wektune istirahat. Aku lan konco-koncoku
padha dolanan nang njeron kelas, ngrembug pelajaran karo mangan-mangan. Gandeng
kanca-kancaku padha crita pengalamane dhewe-dhewe aku nduwe cerita lucu kanggo
kanca-kancaku, judule : “NGADUSI KUCING” saka judule wae wus lucu, kucing kui
lak kewan sing wedi karo banyu tha? Genea ngopo kog diadusi?
Ceritane
ngene ana bocah cilik jenenge Andi, Andi nduwe ingon-ingon kang awujud kucing,
ono ing salah sawijining dina, andi ngomong karo bapakne, “Pak, nyuwun
dhuwite?” bapakne banjur takon “arep tok nggo opo to, ndi ?”, Andi njawab “
kangge tumbas RINSO (deterjen) pak” , karo sumeh Bapakne nerusake takon “ wah
kog dingaren arep ngumbah klambimu dhewe?”karo rodo bingung Andi Mangsuli
pitakone Bapakne, “ ngeten Pak, kula niki gadah kucing, kucinge wau mboten adus
pirang-pirang dino, nah…. Kulo tumbas RINSO (deterjent) wau kangge ngadusi
kucing kula.” Bapakne ngampet ngguyu “ owalahhh Andi Andi anake Bapak sing
bagus dhewe kucingmu kui ojo diadusi, mengko iso mati nek tok adusi”.
Andi
ngeyel tetep pengen tuku RINSO (deterjent) kanggo ngadusi kucinge, “tak jamin
mboten pak”, gandheng Andi ngeyel bapakne banjur menehke duit Rp1000,- “iki ndi
cukup tha?” “cukup pak”.
Sakwise
ngedusi kucing Andi banjur marani bapakne karo ngomong, “PAAAAKK KUCINGKU MATI”
karo ngampet ngguyu bapakne omong “ tenan tha? Opo jare bapak kucingmu kui wedi
banyu, lha nek tok adusi yo iso mati” Andi banjur nangis “Pak kucing kula mati
mboten amargo tak adusi” , “ lha terus keneng opo kucingmu ki?” pitakone
bapakne marang andi. “kucing kula mati amargi kula PERES”. Kanca-kancaku podho
ngguyu ger-geran nganti bel masuk wes muni. Rasane seneng banget nek iso nggawe
kancaku ngguyu.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar