Senin, 05 Januari 2015

Dolanan Dhakon



Dhakon utawa congklak, kuwi dolanan sing nganggo piranti kayu, isa uga saka tèmbaga, plastik kang luwih sèdhèrhana digambar ing lemah. Ing kono isa dilègoki pitu, sanga, utawa séwèlas lègokan, lan digawé rong larik, tèrus ing pucuk kiwa tèngèn ana lègokan gèkdhé (lumbung) loro. Sak liyané kuwi, butuh kecik cacahé padha karo legokan mau. Saumpama cacahe 7, tegesé butuh kecik 7x7x2= 98, 9 legokan 9x9x2=162, yen 11 legokan 11x11x2=242.
Dhakon iku asal saka tèmbung dhaku antuk panambang -an. Dhaku tegesé ngakoni yèn barang kuwi duwéké dèkné. Dadi ing dolanan dhakon iku ancasé kanggo ngakoni yén barang iku duwèké dhéwé. Tumrap masyarakat Jawa, lan bocah-bocah wadon ing tahun 1970-an, dhakon pancen wis ora asing. Dhakon kayu awujud ukiran akeh ditemokake ing kraton. Pancen, dolanan dakon wis dadi favorit tumrap bocah-bocah, mligine ing lingkungan kraton. Eman, dene bocah-bocah saiki wis akeh sing ora tepung lan kulina dolanan dakon.
Tata Cara dolanan
  1. Legokan cilik diisi kecik cacahé padha karo cacahé lègokan
  2. Giliran sing mlaku dhisik diundhi nganggo pingsut
  3. Carané mlaku, sing oléh giliran milih salah siji lègokan sisih ngarèpé, kècik sing ning kono dijupuk, tèrus ditibakké siji-siji ning lègokan wiwit sisih tèngèné. Satèrusé lègokan tèngèn diisi, ugo lumbung sisih tèngèn. Yén kèciké isih turah, ditèruské mutèr ning lègokan musuhé.
  4. Yén kècik paling pungkasan èntéké pas ning lumbung, giliran ditèruské musuhé.
  5. Yén kècik paling pungkasan èntéké pas ning lègokan sing kosong, giliran mandheg, ganti musuhe.
  6. Yén kecik pungkasan tiba ing legokan sabrange ono isine, kabeh dipindhah ning lumbunge dhewe.


1 komentar:

  1. Wynn casino opens in Las Vegas - FilmfileEurope
    Wynn's first hotel casino in Las Vegas since opening its doors in 토토 사이트 1996, Wynn Las Vegas 1등 사이트 is the first hotel on the Strip to kadangpintar offer 1xbet korean such a casinosites.one large selection of

    BalasHapus