Réyog iku salah sijining seni rakyat sing asalé saka Jawa Wétan sisih
kidul-kulon sakiwa-tengené Kabupaten
Panaraga. Ing tlatah iki
kondhisi sosio-budaya isih sarat mawa prakara-prakara magis lan aliran
kebatinan Kejawèn isih kuwat. Kesenian réyog iki isih kuwat gandhèngané karo
praktèk magis turunaning para leluhur.
Réyog modhèrn biyasané dipentasaké
nalika ana prastawa-prastawa wigati kayata ritus-ritus passage, tuladhané wong kawinan lan tetakan (supitan) lan
dina-dina gedhé nasional.
Seni]
Réyog Panaraga kasusun saka sawetara rangkaian 2 nganti 3 jogèd pambuka. Jogèdan
kapisan biyasané dipentasaké déning 6 nganti 8 priya gagah kendel sing
klambènan werna ireng lan rainé dipolèsi werna abang.
Para panjogèd iki nggambaraké sosok singa sing kendel. Sawisé ana jogèdan sing
dipentasaké déning 6 nganti 8 bocah wadon sing numpaki jaran.
Ing réyog tradhisional, para juru jogèd iki biyasané diperanaké déning
wong-wong lanang sing nganggo klambi wadon. Jogèdan iki diarani tayuban jaran
képangan. Jogèdan pambuka liyané yèn ana biyasané dipentasaké déning bocah
cilik sing mentasaké adhegan lucu. Bocah lucu iku kasebat Bujangganong.
Bujangganong di jénéngake ngono amarga saka cariosè bujangganong ora krama lan
bathukè nonong.
Sawisé jogèdan pambuka bubar, lagèk
dituduhaké adhegan inti sing isiné gumantung karo prastawa sing mentasaké seni
réyog. Yèn gandhèngané karo kawinan, banjur adhegan asmara sing dipentasaké,
yèn tetakan ya biyasané carita laga.
Adhegan ing seni réyog biyasané ora
miturut skénario sing kasusun rapi. Mesthi ana interaksi antara pemain lan sang dhalang (biyasané
pamimpin rombongan) lan sok-sokan karo penonton. Kadhangkala pemain sing lagi
pentas bisa digantèni karo pemain liyané yèn dhèwèké kesel. Sing utama ing seni
pementasan réyog iku bèn sang penonton marem.
Adhegan pungkasan iku arupa singa
barong, para pemainé nganggo topèng awujud endhas singa mawa makutha sing dipahési mawa wulu-wulu merak lan ana ndas ing dhuwur singo barong. Topèng iki aboté bisa nganti 60 kg. Topèng sing abot
iki digawa karo penontoné mawa dicokot karo untuné. Sing ngangkat kudu sing wis
kuwat lan bisané katekan kudu karo latihan sing abot lan dipracayani uga bisané
olèh déning latihan spiritual kayata pasa lan mbangun tapa.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar