Mitoni iku asalé saka tembung pitu (7). Upacara adat iki dianakaké
wektu calon ibu nggarbini utawa meteng 7 sasi. Ancasé kanggo keslametan calon
bayi lan ibuné utawa kanggo sing sipaté tolak bala. Ing dhaérah tartamtu, upacara iki uga diarani tingkeban.
Makna Jabang bayi umur 7 sasi iku
wis nduwe raga sing sampurna. Dadi miturut pangertene wong Jawa, wetengan umur
7 sasi iki proses pangriptane manungsa iku wis nyata lan sampurna ing sasi
kaping 7. Reroncen acara kanggo upacara mitoni iki luwih akeh tinimbang upacara
ngupati. Urut-urutane yaiku siraman, nglebokake endhog pitik kampung ning njero
kain calon ibu dening calon bapak, salin rasukan, brojolan (nglebokake klapa
gadhing enom), medhot lawe utawa lilitan benang (janur), mecahake wajan lan
gayung, nyolong endhog lan pungkasane yaiku kendhuren. Acara siraman mung
dianakake kanggo mitoni anak sing nomer siji. Miturut adat Jawa mitoni iku kudu
dianakake ing dina sing temenan apik yaiku dina Senen awan nganti mbengi utawa
dina Jemuah awan nganti mbengi.
Rangkeyan Acara Rantaman adicara
kanggo upacara mitoni iki luwih akeh tinimbang upacara ngupati, urut-urutan
yaiku siraman, nglebokake endhog pitik kampung ing njero kain calon ibu dening
calon bapak, salin rasukan, brojolan nglebokake cengkir klapa gadhing, medhot
lawe utawa lilitan benang janur, mecahake wajan lan gayung, nyolong endhog lan
pungkasan kendhuri kendhuren.
Acara siraman namung dianakake
kanggo mitoni anak mbarep.
Wektu Miturut adat Jawa mitoni iku
kudu diadani ing dina sing temenan apik yaiku dina Senen awan nganti mbengi
utawa uga dina Jemuwah awan nganti mbengi, saderengipun wulan 'purnamasidhi'.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar