Sabtu, 03 Januari 2015

Sinopsis Serat Riyanto


Kacariyos kala rumiyin ing nagari Surakarta ana salah sawijining priyantun luhur jenenge Pangeran Natasewaya. Duwe anak mung siji lanang jenenge Raden Mas Riyanta, wiwit umur enem tahun Raden Mas Riyanto di tinggal seda bapakke, banjur kaemong dening Ibune. Raden Mas Riyanta banget di tresnani marang Ibune, sakwise umur pitung tahun Raden Mas Riyanta pisah karo Ibune di sekolahake ning Semarang melu pamane Raden Mas Tandhawijaya. Raden Mas Riyanta seneng anggambar nganggo cat utawa pulas lan sapanunggalane. Bareng umur patbelas tahun wancine sunat, Raden Mas Riyanta bali maneh ning Surakarta.
Raden Mas Riyanta wis jaka, jaman disik senengane lunga ing wanci bengi tanpa gawa kanca, anjajah panggonan kang sepi-sepi yen bali mesti wanci byar esuk. Awit saka iku andadekake sumelanging ibune, anakke duweni tindak kang kurang apik. Merga anakke wis ngancik diwasa, akeh para wanita sing padha kasmaran marang Raden Mas Riyanta. Mula saka iku Ibune ngakon Raden Mas Riyanta supaya gek rabi, ananging Raden Mas Riyanta durung kepingin anggone rabi lan durung ana wong wadon sing di tresnani.
Raden Ayu Natasewaya ngakon marang Raden Ajeng Marsa, yaiku anakke Raden Mas Tandhawijaya supaya ngawat-ngawati Raden Mas Riyanta merga wis telung lunga ora ana kabar. Wektu iku Raden Mas Riyanta karo Raden Mas Duryat ketemu, Raden Mas Duryat ngajak Raden Mas Riyanta ning alun-alun delok komidhi Hindhu. Raden Mas Riyanta ora gelem merga wedi yen Ibune uga teka ning kana, suwene suwe Raden Mas Riyanta kepeksa nututi. Ning kana malah ana kedadean kebakaran wong-wong padha pating jelerit, sambat tulung-tulung do mlayu dewe-dewe nylametke awakke.
Rikala Raden Mas Riyanta arep bali ketubruk karo wong wadon kira-kira umure patbelas tahun. Wong wadon iku mau nangis sambat golekki wong tuane banjur Raden Mas Riyanta duweni rasa welas asih di eterake bali ning ngomahe. Ing dalan bocah iku ora mandheg gone nangis, jenenge Raden Ajeng Srini anakke Dipati Pramayoga ing Tamansari di tinggal wong wadon iku mau di ajak mampir ning losmen saperlu leren sedhela. Raden Mas Riyanta mlebu ning kolah, Raden Ajeng Srini banjur krungu swaraning salompret yaiku salomprete bapakke.
Raden Mas Riyanta golekki wong wadon iku mau, mangka durung ngerti jenenge wong wadon sing di tulung. Raden Mas Riyanta banget tresna karo wong wadon iku mau. Sabanjure Raden Mas Riyanta bali menyang ngomahe, sakwise tekan ngomah Ibune malah arep jodohake Raden Mas Riyanta. Merga ora gelem di jodohke Raden Mas Riyanta lunga saka omah suwene setengah wulan anjajah ning guwa-guwa tilas Gunung Merapi, dina Minggu Raden Mas Riyanta ngubengi kutha Boyolali. Perkara perjodohan iku wis rodok surut Raden Mas Riyanta bali maneh menyang omahe.
Raden Mas Riyanta karo wong wadon sing ning Komidhen, yaiku Raden Ajeng Srini. Raden Ajeng Srini iku anakke Dipati Pramayoga paman saka Raden Mas Riyanta. Raden Mas Riyanta seneng banget karo Raden Ajeng Srini ananging ora wani ngomong. Raden Mas Riyanta krungu omongane Dipati Pramayoga yen Raden Ajeng Srini arep di jodohke karo priyayi Rembang. Wiwit iku Raden Mas Riyanta wis ora gelem dolan ning Tamansari. Raden Mas Riyanta lungguh ana ing gadri wetan, wektu iku Raden Ajeng Nestri nuju dolan ning patamanan. Salanlika ngerti Raden Ajeng Nestri, Raden Mas Riyanta kelingan Raden Ajeng Srini.
Merga saking kuciwaning atine Raden Mas Riyanta banjur gambar wajahe Raden Ajeng Srini. Gambar iku mau tansah di delengke terus, krungu swarane Raden Ajeng Marsam, Raden Mas Riyanta gugup gambare banjur di lebokake ana ing lemari. Ibu Raden Mas Riyanta lunga menyang omahe Dipati Pramayoga saperlu nakokake perjodohan sing wis padha di sepakati. Banjur ibune Raden Mas Riyanta nglamarake marang Raden Ajeng Srini. Ora suwe banjur Raden Mas Riyanta lan Raden Ajeng Srini dadi nganten.

1 komentar:

  1. Betway Casino Resort - Las Vegas, NV - Mapyro
    Find the best 원주 출장샵 place to play Blackjack at Betway Casino Resort in Las Vegas, 삼척 출장안마 NV. We have games ranging from 안양 출장마사지 roulette to 성남 출장샵 blackjack and keno 용인 출장샵 to

    BalasHapus