Gunungan inggih menika gambar wayang ingkang wujudipun kados gunung. Salebetipun gunungan wonten gambar
lawang kados déné gerbang, ingkang dipunjagi
déning buta cacah kalih cepengan gada lan tébéng. Gunungan
ing pawayangan ugi asring sinebat Kayon. Sanésipun gunungan menika nggambaraken
kerajaan, gunungan ugi kanggé pratandha giyaran wayang badhé dipunwiwiti. Gunungan utawi kayon wiwitanipun
dipunripta déning Radèn Patah.[3] Winastan gunungan amargi wujudipun
mèmper gunung limrahipun. Gambar
wayang menika dipunginakaken saben pagelaran wayang (wayang purwa, wayang krucil, wayang golèk, wayang gedhog, wayang suluh, lan sanésipun).
Mituhu wujudipun,
gunungan utawi kayon saged dipunpérang dados kalih, inggih menika:
- Kayon Gapuran, wujudipun radi
alit kanthi gambar gapura. Sisih kiwa tengenipun
dipunjagi déning buta utawi raseksa. Sisih wingking kayon wonten gambaran
utawi wewujudan geni warna abrit.
- Kayon Blumbangan, wujudipun
radi ageng lan langkung endhèp upami dipunbandhingaken kaliyan kayon
gapuran. Sisih ngandhapipun wonten gambar kolam kanthi toya wening,
samadyanipun kayon wonten gambar ulam cacahipun kalih ingkang sami adhep-adhepan, lan
sisih wingkingipun wonten gambar segara ingkang warninipun sami kaliyan
warni langit.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar