Ing sawijine jaman, ing ndesa sing apik urip ana wedokan kang ditinggal
karo bojone . Dheweke urip karo anake , sing jenenge Bandung.
Bandung : “Bu, nopo ibu mboten kesepian menawi kula lan panjenengan mung
manggon teng perkampungan endah niki tiang kaleh mawon.”
Ibu : “Kesepian ngopo to le?Ibu wis seneng
ana kowe nang kene.Awak dewe uwis urip
kecukupan, seneng tanpa ana sing ganggu,arep njaluk sing
piye maneh ibu iki.”
Bandung : “ya mbok menawi ibu kersa duweni rama damel kula.”
Ibu : (mesem
ngguyu) “Kowe ki
ngomong opo to.Ora..ora..ibu rapapa urip janda kaya ngene sing penting ibu duwe kowe(Jare ibune banjur
nyayang anake).”
Bandung : “Lho, saestu
Bu.”
Ibu :”Sakjane lakyo kowe sing patut tak
takoni koyo ngono kuwi anakku. Kowe iku wis gede, moso kowe arep
dewean wae.”
Bandung: (mesem)”Ah, menawi
kula, boten usah di pikir bu. Saktemene
kula ajeng tanglet
kalih ibu, Nanging kula boten kepenak,Bu.”
Ibu : “Kowe arep takon opo?Kok nganggo ora
kepenak barang. Aku iki ibumu opo dudu. Arep
takon opo to Le?”
Bandung : “Ngeten lho Bu, saktemene Rama kula
menika sinten? Ngantos sakniki kok kula taksih bingung.”
Bandung : “Bu,kok mendhel mawon? Wonten penggalih menopo to
bu?”
Ibu : “Anakku Bandung (ngelus pundake Bandung). Sajake iki wektu sing pantes. Kowe saiki wis gede, ibu ora wedi maneh cerita karo kowe. Ibu ngerti,kowe
mesti iso ngerteni iki.”
Bandung : “Ana apa,Bu?”
Ibu : “Bapakmu kuwi sakjane bangsawan ing tlatah
adoh kono.”
Bandung : “dados
bapak tasik sugeng bu?”
Ibu : “Yen kowe pancen pengen nemoni
Ramamu, yo ora opo-opo. Golekana Ramamu kuwi,nanging ibu
mung iso pesen. Rungokno
pesen – pesen ibu iki.”
Bandung : “inggih, Bu.”
Ibu : “Ibu mung iso dongakake apa sing kowe
karepake bakal tok temu.
Lek wis kepetuk ramamu, cepet sujud ing sikile ramamu kanggo tanda
kahormatan. Ing jabakono, pasti akeh wong asing sing bakal kok
temui lan kabeh pasti
nduwe niat dhewe-dhewe.Kowe iku lanangan sing isok dipercaya . Ojo seneng adu
otot anakku, iku ora apik. Ojo waton tumindak ing kono, ora liyo kanggo njaga
keslametanmu dhewe.”
Bandung : “Inggih,Bu.”
Ibu : “Lan siji meneh amanatku (mlebu ing kamar, metu lan nggawa selendang warna
abang). Gawaen selendang iki supaya Ramamu
percaya yen kowe iku anake.”
Bandung : “matur
nuwun Bu, nanging
kepripun ibu menawi kula ngembara.
Menapa ibu
aman gesang piyambakan ing bumi ingkang boten temtu
niki .”
Ibu : “ Ibu ora bakal keno opo-opo. Ibu
mung iso nyangoni slamet yoanakku sing tak tresnani.”
Menika Bandung budal ngembara. Lan dheweke teko ing nggone jin. Dheweke
ditekani karo para abdi dalem saka nggone jin. Bandung bisa nglawan para abdi
dalem. Banjur Bandung nemoni Jin Bondowoso.
Jin
:” Sampean sapa?”
Bandung :”Aku Bandung”
Jin
: “ Ono kaperluan opo sampean mrene.”
Bandung : “Aku arep nggolek Ramaku,opo kowe isok bantu
aku nggoleki
Ramaku?”
Jin
:”Wani piro?”
Bandung : “Yen aku wis dadi raja ing Pengging kowe isok
njaluk opo wae sing
kowe karepake.”
Jin
:”Wokey , gawe bantu kowe aku wenehi tigo panyuwunan.”
Bandung :” sing kasiji aku pengen nemoni Ramaku.”
Jin
:”Oke” (ngilang)
Amarga Bandung bisa nakluake Jin Bondowoso , akhire jenenge Bandung
diwenehi jeneng Bondowoso. Dadi saiki jenenge Bandung Bondowoso. Jin Bondowoso
ngabulake panyuwunane Bandung Bodowoso. Deweke banjur dadi Raja ing
Pengging. Bandung Bondowoso saiki dadi sombong lan serakah. Dheweke
pingin nguwasai kerajaan Pengging lan kerajaan Prambanan. Dheweke pingin perang
karo Prabu Boko, rajane Prambanan.Prabu Boko direwangi Patih Gupala
perang karo Bandung Bondowoso. Bandung Bondowosonggawe panjalukan sing keloro marang Jin Bondowoso ben iso menang ngelawan Prabu Boko. Akhire Jin Bondowoso lan Bandung
Bondowoso menang nglawan Prabu Boko. Prabu Boko mati tapi Patih Gupala Slamet . Patih Gupala muleh karo
ngetokake getih lan kelaran.
Patih Gupala :” Nyuwun sewu Putri.”
Jonggrang : “Ana apa Patih. Kok njenengan wis
bali saka peperangan, ana
ngendi Ramaku?”
Patih Gupala : (menundukkan kepala dan
menyembah)”Nyuwun sewu
Roro.” (mikir-mikir)”Prabu Boko…”
Jonggrang :” Rama!?Ana apa karo Rama?Opo
panjenengan duwe kabar
sing ora ke penak Patih?”
Patih Gupala : “Inggih Roro.”
Jonggrang : “Ana ngendi Ramaku?”(bingung lan arep nangis)."Cerita
karo aku Patih..pundi ramaku?”
Patih Gupala :” Prabu Boko gugur ing
peperangan menika, Roro.”
Jonggrang :” HA? Apa bener ngendikanmu
kuwi. Opo panjenengan boten
Goroh Patih?”
Patih Gupala :” Saestu ndara. Kula
ingkang ngertosi piyambak, Bandung
Bondowoso nusukkaken kerisipun.”
Jonggrang :” Rama…(nangis)”
Wektu nangis iku patih Gupala mati lan Bandung Bondowoso teka
ing ngarepe Rara Jonggrang. Bandung banjur mikir-mikir, sapa Ratu ayu
ing ngarepe iku?Apa selire Prabu Baka sing dak pateni mau?
Bandung
:” (mlaku nyedeki Roro). Kena apa kowe duh cah ayu?”
Jonggrang :” Sapa kowe wani teka ing
kerajaan iki?”
Bandung :” Hahaha…Sopo aku? Opo kowe ora
ngenali aku, raja ing
Kerajaan Pengging, lan saiki sing
duweni kerajaan sing gede iki” (ngomong karo sombong), Bondowoso. Hahaha..Ayu tenan kowe. Apa kowe gelem dak dadekake garwaku!
Roro Jonggrang bingung arep menehi
jawaban apa.
Jonggrang
:(mbatin)Bandung iku
wong sing sekti.Ra mungkin aku wani nolak. Nanging atiku ora tresna. Kenal wae
durung, kok njaluk aku dadi bojone. Penak tenan. Saya maneh, uwong iki sing
gawe aku kelangan Rama tercintaku.
Bandung: ”HALAH!!!,trimo
ae, Aku
ngganteng kok. Kena apa kowe ora gelem?
Opo kowe isin karo aku?Hem?(karo nggoda)”
Jonggrang :”Wah.Apa sing arep aku lakokake.Aku
mumet.”
Jonggrang banjur mikir-mikir.
Jonggrang : “Ngene wae, yen kowe pancen pengen
duweni aku, syarate sitik-sitik wae.Gawekno 1000
candi ing wektu sakmalem. Yen kowe
kasil, aku gelem tok pek bojo.”
Bandung : “Weh..weh..weh..Wah, kowe ki dagelan
tenan kok!!Sewu candi wektu sewengni?10 candi wae, apa
mending kowe njaluk syarat liyane. Sekarepmulah..Moso kon gawe
1000 candi.Arep tok nggo ngopo candi iku.”
Jonggrang :” Kula tetep pengen digawekke
sewu candii. Iku panjalukku.buktekno yen
kowe tresna aku Bandung.”
Bandung : “Wis, sakiki ngene wae. Pase,njalukmu
piro?”
Jonggrang : “Aku nyuwun sewu candi!!” (karo arep
nglungani)
Bandung : “Yowes..yo wes..Aja mutung to! Kanggo
buktekake tresna ku karo
kowe, bakal tak gawekake sewu candi.”(janji)
Bandung
nggawe panyunuwunanne saka jin sing terakhir.
Bandung
:”jin, aku isik nduwe panyuwunan sing terakhir kan?”
Jin
:”iyo aku iling. Panyuwunanmu apa ?”
Bandung
:”aku njlauk tulung digaweake 1000 candi.”
Jin
:”wokey, mari panyuwunanmu kuwi mau urusanku karo kowe wis
mari,dadi aku ora pingin bantu kowe maneh.”
Jonggrang : “Kepriye iki, apa
Bandung bisa gawe candi okehe semono.”
Dayang : “La kepripun to Putri. Bandung menika
lak nggeh tiyang sekti to Putri,
miterat pamikir kula, kok panyuwun panjenengan, bisa
di tepati. La
wong samenika taksih jam kalih,anggenipun bangun candi
sampun
badhe kelar to Putri.”
Jonggrang : “La terus apa sing
kudu tak lakokake.aku ora gelem rabi karo
Bandung.”
Dayang : “Lajeng kepripun?”
Jonggrang mloka mlaku
ing jero kamar
Jonggrang : “Wis, saiki ngene wae. Dayang, tulung tangekake kabeh rakyat
Prambanan, kongkon
wong wadon numbuk pari, lan bakar yajerami.
Sing ana ing kandange pitik. Awak dewe gawe suasana bengi iki
seakan isuk uwis teka.Lek wis ngono jin-jin sing lagi kerja ngira lek
isuk wis teko,jin-jin padha mlayu lan ojo lali naburake kembang-
kembang.”
Dayang : “Ide ingkang bagus,Putri. Karongono, Bandung pasti ora bias marikake
gawean
kuwi.”
Jonggrang : “Iya. Dayang, cepet dewekmu tangikne wong wong!.”
Dayang : “Inggih ndara.nyuwun sewu.”
Dayang
iku mau banjur nangikne para wadokan ing ndesa iku. Wedokan
mau dikonkon
numbuk padi lan mbakar jerami, Pitik pitik dikongkon nguruk.
Jin:” Wah, Srengenge wis nyilau ing kono!awakdewe kudu
cepet ngaleh iki.Yen ora,awake dhewe
engko iso angus!Weleh..weleh..
Tapi,piye karo penggawean iki. Candi sing didekno kurang siji engkas.Bandung ya ing endi iki?”
Para
jin-jin pada mlayu lan ninggalake gaweanne .Ora suwe maneh
Bandung Bondowoso teko karo. Dhalu sing rame, srengenge wis muncul , pithik
jago , para wadon wis mulai numbuk pari lan jin-jin pada ngilang
kabeh.Ndeleng
keaadan kuwi BandungBondowoso. Ing
esuk, Bandung nekaniJonggrang.
Bandung : “Jonggrang, panjalukmu uwis dak turuti, saiki rabio karo aku.”
Jonggrang : “Oh ya?sing bener? Apa kowe wis bisa gaweanke aku sewu candi?”
Bandung : “Tentu wae tresnoku?”
Jonggrang: “Aku ora percaya.”
Bandung: “kowe ora percaya? Dhelengen iki itungen candi-candi kuwi.”
Jonggrang: “oke. Tapi iling janjimu, yen candi kuwi kurang teko sewu, berarti
kowe batal ngolehake aku, Bandung.”
Jonggrang ngitung candi-candi kuwi.Mari bolak-balik ngitung
Jonggrang ngomong.
Jonggrang : “sepurane Bandung, uwis dak itung,
candi sing kok gawe kurang siji.”
Bandung : “Hah?sing tenan.kowe pasti salah ngitung.”
Jonggrang : “aku uwis bola bali ngitung, nanging hasile pada. Jumlah candi iki
mung 999 .”
Bandung : “yawis, kan mung kurang sak buah, uwis ana 999 buah. Engko bakal
dak gawekake maneh. Tapi sak uwise
kowe rabi karo aku.”
Jonggrang : “ora, Bandung. Janjine dudu kaya ngono! Kowe uwis gagal menuhi
janjimu. Dadi minggato saka uripku. Ojo nyideki aku. Utawa aku
sing bakal minggat.”
Bandung : “Ha?sak wise aku
nggawe 999 candi, apa mung iki balesanmu
Jonggrang”
Jonggrang : “Iyo.kowe pingin apa maneh!! (nyentak) akonono yen kowe uwis kalah wong elek.”
Bandung : “Jonggrang!!wanine kowe ngenyek aku!”
Jonggrang : “pancen ngono toh nyatane!”
Bandung : “Jonggrang!! Kowe wis nggawe aku ngamuk! Ket mau aku wis nyobak
gawe sabar gawe ngentukake
kowe , tapi percuma ae pengorbananku
iki. Ora papa aku ora
ngentukne awakmu! Candi iki pancen kurang siji
, lan sakjane sing pantes ngelengkapi ya mung kowe tok! Dadi kowe
Candi
Jonggrang dadio hiasan kanggo kerajaanku!
Jonggrang : “Aaaaahhh !!!!!!!!!!”
Moro-moro Jonggrang berubah dadi Patung.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar