Gamelan iku salah sijiné seni musik tetabuhan tradhisional aseli saka Indonésia utamané
ing pulo Jawa, Madura, Bali lan Lombok. Tembung gamelan dhéwé iku asalé saka basa Jawa yaiku
"gamel" kang duwé makna "tabuh". Isi gamelan iku saprangkat piranti musik sing
dienggo ngiringi tembang, utawa ditabuh tanpatembang minangka
klenèngan. Jinis musik iki kasebar nganti tekan pulo-pulo ing saindenging tlatah Nusantara lan
saiki malah wis kasebar rata nganti Amérika,Éropah lan
tlatah liyané. Jinis musik tradhisional liya sing mèmper karo gamelan uga ana
ing Filipina, Malaysia lan Suriname.
Gamelan duwéni melodhi kang magis utawa nduwé daya supranaturalsupranatural, mula swarané gamelan diarani mélodi utawa wirama perkusi kang magis. Pagelaran gamelan uga ana kang ngarani orkestra gamelan Jawa. Ing buku kang irah-irahané Music of Java, Jaap Kunst nerangaké yèn gamelan iku kaya komparasikomparasi saka cahya rembulan lan miliné banyu, misterius kaya cahya rembulan lan obah utawa dinamis kaya milining banyu.
Gamelan kalebu perangan ing kabudayan Jawa. Ing Jawa gamelan biyasané kanggo
musik pangiring pagelaran wayang kulit utawa ringgit, tari, uyon-uyon. Jinisélaras ing gamelan ana loro yaiku laras pélog lan laras sléndra. Saben sèt gamelan nduwéni instrumén kanggo laras pélog lan sléndra
www.wikipedia.com
Tidak ada komentar:
Posting Komentar