Geguritan yaiku wohing susastra kang basané cekak,
mentes lan éndah. Geguritan asalé saka tembung "gurit", kang ateges kidung utawa
tulisan kang awujud tatahan. Déné geguritan ing kéné, ateges rumpakan kidung kang
mawa paugeran gumathok, yaiku:
- Cacahing gatrané ora tartamtu,
nanging apese 4 gatra.
- Saben-saben sagatrané guru wilangan lan guru lagu padha waé, runtut mawa purwakanthi guru
swara.
- Lumrahe kabuka utawa kawiwitan
srana ukara: "Sun anggegurit".
Geguritan iku
kalebu puisi Jawa modhèrn, amarga ora kaiket ing aturan kayadéné tembang. Geguritan bisa karipta amarga ana ilham utawa inspirasi (angen-angen).
Geguritan mujudaké karya kang sipaté pribadi, mula geguritan panganggit siji
lan sijiné béda-béda. Angen-angen kang ana sajroné pikirané pengarang banjur
diolah supaya dadi geguritan kaya kang dikarepaké panganggit. Kanthi mengkono,
geguritan iku basané katon éndah, bisa migunakaké purwakanthi, dwipurwa, seselan lan liya-liyané. Geguritan iku
duwèni nilai- nilai utawa amanat kang bisa kapethik kanthi diparafrasakake
dhisik. marafrasakake geguritan iku ateges nganalisis utawa ngudari ukara-
ukara geguritan iku supaya maksudé bisa katangkep. Geguritan iku kawujud saka
téma, pamilihane tembung uga nganggo sarana rétorika lan majas. Sarana rétorika lan
majas paédahé kanggo gawé geguritan iku éndah lan enak kawaca.
- Cekak yaiku ora wujud ukara
sing nggladrah
- Menthes yaiku tembungé duwé
makna kang jero.
- Éndah ngemu purwakanthi swara,
sastra utawa basa.
- Tembungane pilihan
Tidak ada komentar:
Posting Komentar