Barongan utawa seni
Barong kuwi sawijining kesenian rakyat kang akèh sumebar ing tlatah Jawa Tengah
lan Jawa Wétan. Barongan migunakaké sandhangan utawa piranti sing digawé saka
topèng lan kain utawa karung, diwujudaké kaya Singo Barong utawa Singa gedhé sing
galak.
Kesenian
iki awujud tarian klompok sing nirokaké solah tingkahé Singa barong sing
prakasa lan tokoh liyané yakuwi Bujangganong, Joko Lodro, Reog, Noyontoko lan
Untub . Anan ing kesenian Jathilan, mliginé ing tlatah Ngayogyakarta lan sakiwa
tengené, barongan mono kanthi paraga wong loro utawa wong telu, kabèh-kabèhe
mlebu ing sawijining karung kang dirékayasa wujud kèwan, sing ngarep nyekel
endhas, kang mburi nyekel buntut, déné kang tengah biasané manggul/munji
sawijining pawongan, kaya-kaya wong kasebut numpak barongan. Jroning pamentasan
seni barongan, para paraga mau jejogètan diiringi nganggo instrumèn musik
antara liya : Kendhang, Bedhug, Bonang, Saron, Demung, Kempul lan Suwukan.
Kesenian
barongan sumberé saka hikayat Panji, yaiku sawijining crita kang diwiwiti saka
iring-iringan prajurit nunggang jaran ngawal lelakuné Radèn Panji Asmarabangun
/ Pujongga Anom lan Singa Barong.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar