Sekatèn (dijupuk saka tembung syahadatain utawa rong kalimat sahadat) yaiku salah sawijining upacara adat
minangka wujud rasa syukur masarakat Islam Jawa Tengah sing
dilaksanakaké saben sasi Mulud penanggalan Jawa kanggo meringati
lahiré Nabi Muhammad SAW. Jaman
mbiyèn upacara iki dianggo dening Sultan Hamengkubuwana I, pangadeg Kraton Ngayogyakarta kanggo ngundang masyarakat mlebu agama
Islam.
Ing upacara Sekatèn iku rangkaian
adicara sing paling ditunggu yaiku metuné gamelan keraton Nyai Nagawilaga lan Nyai Gunturmadu kanggo diunèake ing Pagongan Mesjid
Gedhé Kraton Ngayogyakarta.
Gamelan iku diarak saka Bangsal
Pancaniti marang Mesjid Gedhé banjur kanggo ditabuh seminggu suwéné
lan disiaraké nganti dalan Malioboro saéngga
nambah suasana budhaya Kutha Yogyakarta. Puncak adicara Sekatèn ditandhai kanthi
metuné sejumlah gunungan sing
disebutGrebeg Mulud, sing
dhasaré nggambaraké sedhekahing para raja marang rakyaté lan nyimbolaké
kasejahteraan.
Parayaan Sekatèn dipungkasi kanthi
adicara Bedhol Songsong utawi péntas wayang kulit ing
pagelaran Kraton Ngayogyakarta
Hadiningrat. Ing adicara Sekatèn uga digawé panggung kesenian sing
nggelar festival seni tradisi lan religi, lan dianakaké serangkaian kegiatan
ékonomi sing diwujudke kanthi pasar rakyat utawa disebut Pasar Malam
Perayaan Sekaten (PMPS) sing
digelar suwéné 40 dina.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar