BATHIK
Seni gawé kelir
ing kain kanthi migunakaké malam iku sawijining tèknik lawas saka jaman kuna.
Panemon ing Mesir nuduhaké yèn cara iki wis ditemokaké
ing abad ka-4 SM,
kanthi ditemokaké kain bungkus mumi sing dilapisi malam kanggo gawé pola.
Ing Asia,
tèknik kaya bathik uga ditrapaké ing Tiongkok jaman Wangsa Tang (618-907)
sarta ing India lan Jepang jaman Periodhe Nara (645-794).
Ing Afrika,
tèknik kaya bathik ditepungi Suku Yoruba ing Nigeria, sarta Suku Soninkelan Wolof ing Senegal.
Ing Indonésia, bathik dipercaya wis ana wiwit jaman Majapahit, lan dadi populèr nalika pungkasané abad XVIII utawa
wiwitané abad XIX. Bathik kang diasilké yaiku kabèh bathik tulis nganti
wiwitané abad XX lan bathik cap nembé ditepungi sakwisé ana Perang Donya I utawa
taun 1920-an.[2] Tembung "bathik" asalé saka
basa Jawa, nanging bathik ana ing Jawa ora kacathet sajarah metuné. G.P. Rouffaer duwé pandhapat yèn tèknik bathik iki
dimungkinaké ana lan ditepungaké sakaIndia utawa Srilangka nalika
abad kaping 6 utawa kaping 7. Sakliyané iku, J.L.A. Brandes (arkéolog
saka Walanda) lan F.A. Sutjipto (arkéolog saka Indonésia) duwé
kapercayan yèn tradhisi bathik yaiku asli saka dhaérah kaya Toraja, Flores, Halmahera, lan Papua.
Wilayah-wilayah mau dudu wilayah kang kena pangaruh saka Hindhuisme ananging bisa dingertèni yèn wilayah
mau duwé tradhisi kuna kanggo gawé bathik.
G.P. Rouffaer uga nglapuraké yèn
pola gringsing wis ditepungi wiwit abad kaping 12 ing Kediri, Jawa Wétan. Dhèwèké uga nyimpulaké yèn pola kaya mau iku mung
bisa digawé nganggo wewujududan kang jenengé canthing, mula dhèwèké banjur duwé pendhapat yèn canthing
ditemokaké ing Jawa ana ing jaman semono.[3]Dhetil ukiran kain kang mèh kaya pola bathik dianggo
déning Prajnaparamita, yaiku ana ing reca dèwi kawicaksanan buddhis
saka Jawa Wétan abad
kaping 13.
Dhetil klambi kang nampilaké pola
sulur wit-witan
lan kembang-kembang kang angèl mèh kaya pola bathik tradhisional
Jawa kang bisa ditemokaké jaman saiki. Iki nudhuhaké yèn gawé pola bathik
paling angèl lan mung bisa digawé nganggo canthing wis ana ing Jawa wiwit abad
kaping 13 utawa malah sadurungé kuwi uga wis ana.
Legendha ana ing literatur Melayu abad
kaping 17, Sulalatus Salatin nyritakaké Laksamana Hang
Nadim kang diwènèhi
préntah déning Sultan Mahmud kanggoberlayar menyang India kanggo golèk 140 lembar kain serasah kanthi pola 40 jinis kembang ana ing
saben lembaré. Merga ora bisa netepi wajib kang diwènèhké Sultan Mahmud, dhèwèké
banjur gawé dhéwé kain-kain mau. Nanging kapal kang dinggo banjur kèrem ana ing
lelaku bali lan mung bisa nggawa patang lembar kang ndadèkaké Sultan kuciwa.
Ana ing literatur Éropah, tèknik bathik iki pisanan dicritaké ana ing buku History of Java (London, 1817) tulisané Sir Thomas Stamford Raffles.
Dhèwèké tau dadi Gubernur Inggris ing
tlath Jawa nalika jaman Napoleon saka Walanda. Taun 1873 saudagar Walanda Van Rijekevorsel mènèhi saklembar bathik kang olèh
nalika ana ing Indonésia marang Museum Etnik ing Rotterdam lan
wiwitané abad kaping 19 kuwi bathik wiwit ana ing mangsa kajayané. Nalika
dipamèraké ana ingExposition
Universelle ing Paris taun 1900, bathik Indonésia ngagètaké
publik lan seniman.
www.wikipedia.com
Tidak ada komentar:
Posting Komentar