Kethoprak wiwit bebukané awujud dedolanan para priya ing dhusun sing lagi nganaaké lelipur sinambi
nabuh lesung kanthi irama ana ing waktu wulan purnama ndadari, kasebut Gejog.
Ana ing tembé kaéring tembang bebarengan ing kampung /dhusun kanggo lelipur.
Saterusé ana tambahan kendhang, terbang, lan suling. Mula wiwit saka iku
kasebut Kethoprak Lesung, kira-kira kadadeyan ing tahun 1887. Banjur ana ing
tahun 1909 wiwitan dianakaké pagelaran Kethoprak
kanthi paripurna/lengkap.
Pagelaran Kethoprak wiwitan sing
resmi ing ngarepé masyarakat/umum, yaiku Kethoprak Wreksotomo, dipandhegani
dening Ki Wisangkoro, sing mandhegani kabeh kakung. Carita sing dipagelarake
yaiku : Warsa - Warsi, Kendana Gendini, Darma - Darmi, lan sapanunggalane.
Sawise iku pagelaran Kethoprak sansaya suwe dadi lan
apike uga dadi klangenane masyarakat, utamane ing tlatah Yogyakarta. Ing kadadeyan sawise Pagelaran Kethoprak dadi
pepak anggone carita lan ugo kaering gamelan.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar