Kang diarani parikan
Yaiku unèn-unèn
mawa paugeran telung warna yaiku :
- kadadèn saka rong ukara kang
dhapukaké nganggo purwakanthi guru swara
- saben saukara kadadean saka
rong gatra
- ukara kapisan mung minangka
purwaka; déné isi utawa wosé dumunung ing ukara kapindho.
Tuladha: Tawon
madu, ngisep sekar. (ukara kapisan, 2 gatra). Calon Guru, kudu sabar (ukara
kapindho, 2 gatra). Gunane purwaka (ukuran kapisan) mung dianggo narik
kawigatené wong kang nedya sikandhani utawa dipituturi. Perluné, supaya ing
sadurungé ukara kang isi utawa “wosé” dikandhakaké, wong sing nedya dikandhani
wis ketarik atiné, satemah banjur nggatekaké, bisa ngerti temenan marang
maksudé ukuran kang isi “ngese” (ukara kapindho).
Parikan sing kadadean saka (8 wanda + 8 wanda) X 2
Parikan sing
kadadéan saka (8 wanda + 8 wanda) X 2, sawéneh ana sing ngarani parikan patang
pada. Iku keliru, sebab tembung “pada” iku tumrap reriptan kanggone mung ana
ing tembang. Déné yén tembung “pada” iku sing dikarepaké kudu mung ora ukara,
siji-sijining ukura kadadéan saka 2 gatra: dadi kabéh ana 4 gatra Wondené
carané nulis 4 gatra iku, kena baé didadékake 4 larik.
Tuladha kasebut
kena katulis mangkene
Enting-enting gula jawa
Sabungkus isine sanga
Ingatase para siswa
Wajib seneng nggubah basa
Wetan kali kulon
kali Arep nyabrang gak onok uwote Wetan gati kulon yo gati Yen ditimbang pada
abote
Ali-ali temunpang
kasur Aku lali pira regane Aja lali pahlawan sing jujur Ngelingana jasa2ne
Esuk nyuling sore
nyuling Sulingane arek Suroboyo Esuk eling sore eling Sing di eling ora
rumongsa
Parikan sing dianggo nggérongi lelagoning gendhing
Ing parikan iki
dhapukaning ukara mesthi bae ora bisa tansah nglungguhi paungeran, sebab
cacahing wandane kawengku ing laguning gendhing.
Tuladha
- Lelagon Parikan (Slendro Patet
9)
Cengkir Wungu, wungune ketiban daru (Dhu Ibu)
Calon guru, kudu sabar momot mengku (Pm)
Katrangan Perangan
sing dikurung, yaiku (Dhu Ibu), iku wuwuhan, kanggo senggakan.
- Suwe Ora Jamu. Pelog Pathet 6
Suwe ora jamu, jamu godhong kencur
Suwe ra ketemu, temu pisan maju mundur.
Carane
ngarang parikan
Sing dikarang luwih dhisik ukara
kapindho, yaiku sing isi “ngese” utawa “Wose”. Ukarane kadedean saka 4 wanda +
4 Wanda, utawa 4 wanda + 8 wanda + 8 wanda.Sawise rampung pangarange ukara
kapidho, banjur ngarang ukara kapisan, yaiku ukara kang mung dianggo purwaka.
Kehing wandane pada karo ukara kapindho, lan dhapukane kudu mujudake
purwakanthi guru swara karo ukara sing kapindho.