Wayang Kulit iku salah sawijining pagelaran wayang ingkang
mbabaraké lakon mahabharata utawa ramayana sing wayangé digawé saka
kulit. Jinising wayang iki kang paling disenengi ing tanah jawa. Wayang
iki digawé saka kulit kang ditatah lan diéntha kaya déné manungsa. Umumé wayang
kulit nglakonaké lakon wayang purwa, nanging ana uga kang nganggo Crita
Menak lan Babad Tanah Jawa, crita agama (Kristen, Buddha), perjuwangan, lan
manéka warna crita liyané.
Panyebaran
Wayang kulit dilakokaké ing layar putih kang sinebut kelir.
Déné wayang-wayang kuwi ditancepaké ing debog ana ing sisih tengen lan kiwané
dhalang. Gamelan kang ana ing sisih mburi ngiringi pagelaran iki.
Pagelaran wayang wis diakoni déning UNESCO ing tanggal 7
November 2003, dadi karya kabudayan kang édi péni ing babagan crita
dongéng lan warisan kang berharga banget (Masterpiece of Oral and
Intangible Heritage of Humanity). Suwaliké, UNESCO nyuwun
supaya Indonesia njaga (preserve) warisan kuwi
Wayang iki ora mung sumebar ing Jawa waé, nanging uga ing
tlatah liya ing Nuswantara. Wayang kulit sumebar ing tanah Jawa lan uga
pérangan liya ing Nusantara, nanging wayang iki luwih disenengi dening
wong Jawa Tengah lan saperanganJawa Wétan. Ing antarané panggonan
siji lan liyané duwé gagrag dhéwé-dhéwé, sing paling gedhé yaiku Gagrag
Ngayogyakarta lan Gagrag Surakarta. Gagrag Banyumas lan Gagrag
Pesisiran uga kondhang ing tlatahé dhéwé.
Ing jaman saiki, pagelaran wayang antuk
owah-owahan. Campursari lan dhagelan mlebu ing antarané pagelaran
mau. Amarga wayang uga wis mlebu dadi acara televisi, suwéné pagelaran
kang asliné sewengi bisa dikurangi dadi sawetara jam waé.
Wayang kulit uga asring sinebut wayang purwa. Sumber caritané
yaiku saka kitab Mahabharata lan Ramayana kang ditulis déning Mpu Sedah, Mpu
Panuluh, lan Mpu Kanwa.
Panggawéné wayang
Wayang kulit umumé digawé saka bahan
kulit kebo sing wis diprosès dadi kulit lembaran, saben siji paraga
wayang mbutuhaké watara ukuran 50 x 30 cm kulit lembaran sing banjur ditatah
nganggo piranti arupa wesi lancip. Wesi waja iki digawé luqih dhisik
kanthi manéka wangun lan ukuran, ana sing lancip, pipih, cilik, gedhé lan
wangunliyané sing nduwèni fungsi béda-béda.
Wosé piranti mau kanggo gawé manéka bolongan ukiran ana ing
lembaran wayang. Sabanjuré dipasang pérangan awak liyané ya iku tangan. Tangan
wayang dumadi saka rong pérangan ya iku lengen dhuwur lan ngisor, saéngga
tangan bisa diobahaké niru obahing tangan manungsa. Gagang wayang digawé saka
bahan sungu kebo utawa sapi. Tangan wayang uga diwènèhi gagang
supaya dhalang bisa ngobahaké tangan wayang kasebut.
Karakteristik paraga wayang
Irung Walimiring: Katon kaya piso blathi cilik, kanggo nuduhaké
alusing watak lan kabangsawanan, tuladha: Arjuna,Samba, Kresna.
· Irung Pelokan: Kaya wangun separo
who pelem, nuduhaké pepadhan karo watak raseksa kasar lan kuwat. Tuladha: Buta
Rotor, Bragolba, lan paraga buta liyané.
· Irung Pagotan: kanthi cangkem gusèn,
nuduhaké watak galak lan kejem. Tuladha: Radèn Indrajit, Radèn Kangsa.
· Irung
Bentulan: Nuduhaké keprajuritan. Tuladha: Gatotkaca, Gandamana, Bratasena.
· Irung
Bruton: Nuduhaké sipat lucu, tuladha:Bagong.
· Irung
Sumpel: Nuduhaké sipat lucu, tuladha:Semar lan Limbuk.
· Irung
Térong: Nuduhaké sipat bisa narik kawigatèn, kaya pelawak. Tuladha: Garèng.
· Irung
Cempaluk: Nuduhaké sipat konyol kaya badhut. Tuladha:Pétruk.
· Irung
Pèsèkan: Nuduhaké lucu. Tuladha: Togog, Mbilung, Wanara
http://jv.wikipedia.org/wiki/Wayang_kulit
Tidak ada komentar:
Posting Komentar