Senin, 15 Desember 2014

CERITA RAKYAT

KALIWUNGU
Ing jaman biyen wonten cariyos ingkang nyariosaken asal usulipun Kaliwungu. Cariyos menika taksih wonten ing masyarakat sekitar Kaliwingu kabupaten Kendal. Wiwit saking jaman kerajaan Majapahit ingkang taksih beragama hindu. Ananging kerajaan Majapahit kaliyan kerajaan Demak wonten perselisihan lan gawe ora akur.
Bhatara Katong iku adipati saking Ponorogo, nalika miturut sajarah utawi cariyos, beliau menika putra kaping 24 Prabu Brawijaya Majapahit, Bhatara Katong menika adike Raden Patah Sultan saka Demak Bintoro nanging padha rama benten biyung. Kabeh masyarakat Ponorogo ngenali yen Bhatara Katong iku pancen sakti.
Bhatara Katong taksih nggadhahi agama Hindu. Raden Patah nganjurka Bhatara Katong supados mlebet agama Islam, Bhatara Katong nrima anjuran saking Raden Patah supados mlebet agama Islam, saranipun saking Raden Patah dipuntrima nanging bakal kaleksanan sawise rama Prabu Brawijaya sampun seda, sawise rama Prabu Brawijaya sampun seda, Bhatara Katong ora netepi janjinipun lan tansah ngulur-ngulur wektu.
Akhire Batara Katong pikantuk Ilham (wangsit) saking Allah lan petunjuk kangge ninggalake kamukten minangka adipati lan supados sinau menyang pulo Tirang, banjur Bhatara Katong tindak menyang arah ingkang sampun di tuduhake miturut wangsit menika yaiku pulo Tirang, Bhatara Katong ngajak istri lan loro anake ingkang wadon sedaya menyang sinau dhumateng Ki Pandanarang. Bhatara Katong nyuwun kaliyan Ki Pandanarang supados di lebetaken maring Islam, lajeng Bhatara Katong dipun ngucap syahadat.
Lajeng Bhatara Katong di gantos asmanipun dados Sunan Katong. Sunan Katong maringke anake ingkang sulung supados dados garwane Ki Pandanarang. Sawise dipun anggep cekap sinau agama Islam, lajeng Sunan Katong dipun dawuhi kaliyan Ki Pandanarang kangge nglajengaken nyebar Agama Islam. Sunan katong lunga menyang tlatah Kendal kangge nyebarke agama islam.
Wonten ing dalan Sunan Katong ngraosaken sayah badhe ngunjuk banyu lajeng menyang kali, ing pinggir kali wonten wit, Sunan Katong ngaso wonten ing ngisor wit menika. Sunan katong mlampah malih ngantos bukit ingkang namane Bukit Penjor. Ing Bukit Penjor Sunan Katong madekke masjid kangge nyebarake agama islam. Sunan Katong didadekke kyai lan mimpin para santri-santri.
Ananging Bukit Penjor kui di kuasai Empu Pakuwaja, Empu Pakuwaja menika tiyang ingkang damel pusaka kangge prajurit Majapahit lan taksih beragama hindu. Nalika Empu Pakuwaja krungu yen ana tiyang ingkang madekke masjid lan nyebarake islam, Empu Pakuwaja murka amargi boten remen yen ana sing mengusik tlatah kekuasaane.
Empu Pakuwaja tindak menyang Bukit Penjor kangge nemui Sunan Katong banjur Empu Pakuwaja dugi ing masjid, Empu Pakuwaja melukai santri-santri ing masjid kui, ananging Sunan Katong boten wonten ing masjid amargi taksih tindak sowan menyang daleme Ki Pandanarang kangge ningali putrine lan nglaporake yen Sunan Katong sampun madekke masjid lan nyebarake agama islam. Banjur Empu Pakuwaja wangsul menyang omahe.
Pirang dinten malih Empu Pakuwaja menyang masjid kangge nemuni Sunan Katong, ing masjid kui Sunan Katong taksih mimpin ngaji para mualaf. Empu Pakuwaja bengok ing jero masjid arep mateni Sunan Katong. Sedaya tiyang sami kaget weruh Empu Pakuwaja ingkang murka.
Sunan Katong ora wedi ananging Sunan Katong ora pengen yen para wong-wong weruh kerusuhan ing mesjid iki banjur Sunan Katong mlayu ninggalake masjid. Empu Pakuwaja ngoyak Sunan Katong nganti tekan sak pinggire kali. Ing pinggir kali kui Sunan Katong kaliyan Empu Pakuwaja gelut.
Sunan Katong iku sakti amargi mantan adipati saking kerajaan Majapahit. Empu Pakuwaja nyerang nganggo keris pusaka sakti gaweane dewe nanging Sunan Katong bisa bales serangane Empu Pakuwaja lan Sunan Katong bisa gawe Empu Pakuwaja terluka parah.
Empu Pakuwaja uwis sekarat getihe tercecer ngalir nganti tekan kali nanging Empu Pakuwaja jaluk ampun marang Sunan Katong lan gelem dherek mlebet agama islam. Sunan Katong ngraosake seneng amargi Empu Pakuwaja gelem mlebet islam. Empu Pakuwaja ngrasa ngelak jaluk ngombe banjur Sunan Katong njukok banyu ning kali, nanging Empu Pakuwaja malah nusuk punggunge Sunan Katong ngangge keris pusaka.
Sunan Katong ora bisa nangkis serangan kui banjur Sunan Katong ambruk nyemplung kali lan Empu Pakuwaja uga nyemplung ing kali kui. Sunan Katong lan Empu Pakuwaja mati ing kali kui lan getihe ngalir ana ing kali. Amarga getihe Sunan Katong duwe werna biru lan getihe Empu Pakuwaja werna abang sahingga warna banyu ing kali kui malih dadi warna ungu.

Lajeng tlatah kui di arani Kaliwungu saking tembung “kali” lan “ungu”, ngantos sakniki taksih di arani Kaliwungu lan saben sasi sawal masyarakat padha ziarah maring makam Sunan Katong.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar