Minggu, 14 Desember 2014

GEGURITAN


Cariyos Saking Wayah

ing papan sarwa angin
angen-angen ing lawang pnggir
ana bedhiyang lan lincak

nanging wis kebacut atis
guritan apadene kekarepan
ngalamun tumiyupe angin
nunjem-nunjem dom periih
sadawane wengi

kangmangka ing ngisor mega peteng
sing ora kober padhang

Babad Watu Pasisir

Sore sorene jingga
wengine wengi ireng
kembang pandhan mesem marang mbulan
tangane ngawe-awe sajak kemayu
apa hiya iki dayane layang atimu
sing jare bakal ditulis kalane ijen
lan sendhang mung amping-ampingann jendhela
sing wengi iki isih panggah binuka?

biyen aku apal gojegmu
kepiye nalika bingung ndhedher sagegem guritan
ing lemah suwung pinggire taman
ora ketang mbalang liring sambi mungkur
nyamudana wingkis sakehing kekarepan
nutup kudhuping kekembangan

iki babad watu pasir
pinaes ganda aruming mawar
rarasing riris dhadha kumesar

Tidak ada komentar:

Posting Komentar