Sawah
Esuk kuwi, Mbah Wongso tindak menyang sawah nggawa pacul sing disampirke ing
pundhake. Tangane kiwa katon ana rokok lintingan dhewe alias tingwe.
Klempas-klempus sak dalan-dalan katon nikmat banget.
Wektu
kuwi Parja lagi nyapu latar sing kebak godhong jambu.
"Mruput, Mbah! Tindak sabin?" "Genah nggawa pacul ngono, mosok arep njagong!" semaure Mbah Wongso sakkecekele. Mbah Wongso sanajan wis tuwa nanging isih seneng guyonan. Malah ana sing ngarani Mbah Gaul.
"Penjenengan niku nggih aneh, Mbah! Nek kula mboten aruh-aruh mengke diarani cah enom mboten ngerti unggah-ungguh." "Ooo...ya wis, bener Le..., la kowe gek nyapu?" "Mboten, Mbah. niki nembe dhahar!" Parjo mbales Mbah Wongso. "Dhahar gundulmu kuwi, diamput!! Kakekane...lha kok malah mbales," wong loro terus padha ngguyu.
"Mruput, Mbah! Tindak sabin?" "Genah nggawa pacul ngono, mosok arep njagong!" semaure Mbah Wongso sakkecekele. Mbah Wongso sanajan wis tuwa nanging isih seneng guyonan. Malah ana sing ngarani Mbah Gaul.
"Penjenengan niku nggih aneh, Mbah! Nek kula mboten aruh-aruh mengke diarani cah enom mboten ngerti unggah-ungguh." "Ooo...ya wis, bener Le..., la kowe gek nyapu?" "Mboten, Mbah. niki nembe dhahar!" Parjo mbales Mbah Wongso. "Dhahar gundulmu kuwi, diamput!! Kakekane...lha kok malah mbales," wong loro terus padha ngguyu.
Tekan
sawah Mbah Wongso nyelehake pacule. Lungguh
nyawang tanduran pari sing wis merkatak. Sawise
ngentekke udute, Mbah Wongso ngadeg terus mbabati suket sak kiwa tengene
tanduran pari. Sukete
diklumpukke kanggo pakan wedhus. jam sanga esuk, Suminah anake wadon katon
nggawa sarapan lan wedang teh sing ginasthel, legi panas tur kenthel. Lajeng Mbah Wongso dhahar kanthi kathah. Awake katon gagah amarga
olahragane macul ora tau leren. Bar dhahar terus ngunjuk ginastel kalajengaken
udud. Kesenengan sing keri kuwi jan-jane wis dilarang
dening anake wadon nanging ngeyel wae. Ora let suwe sak rampunge Mbah
Wongso dhahar, saka wetan katon wong loro lanang-wadon numpak pit montor
nyedhak marang lungguhe Mbah Wongso. Wong loro mau terus nyelehke heleme terus
mudhun nyalami Mbah Wongso lan Suminah. Wong loro mau takon sapa
sing garap sawah iki, Mbah Wongso sing garap lan sing duwe. Wong loro
mau pada ulat-ulatan semu gumun. Wong loro mau jelaske yen
sawah iki kagungane wong loro lanang wadon kui. Wong loro mau badhe sowan dalemipun Mbah Wongso lan
badhe nyocoke sertifikat kanthi di sekseni perangkat desa lan wong sing
mangertos babagan niki.
Dina sing
dipilih kanggo rembukan wis teka. Mbah Wongso ngaturi para-para kang dianggep
mangerteni babagan sertifikat lemah. Neng kono ana kanca-kancane Mbah Wongso
sing umure sak barakan, sing mangerteni sejarah tanah sawahe Mbah Wongso. Ing
kono uga rawuh Pak RT lan Pak RW, malah wis disiapke ponakane saka kepolisian
sing nganggo preman, kanggo nyekel pawongan sing bakal apus-apus.Ora suwe ana
mobil mlebu pekarangane Mbah Wongso. Penumpange cacah papat. Wong lanang cacah
telu lan wong wadone siji. Sing loro wis dikenal Mbah Wongso, sing medhun
nggawa tas koper pengacara lan sing
nggawa stopmap iku pegawai sing ngurusi sertifikat lemah.
Wong-wong mau padha rembukan
gayeng nganggo bahasa Indonesia. Mbah Wongso mung domblang-domblong, ora
mudheng apa sing diomongke. Ora suwi
rembukane rampung. Mbah Wongso mantep yen sertifikate sing bener nanging hasil
saking rembukan kui mau sing sertifikate bener kagungane wong loro kae. Mbah
Wongso kaya disamber nggelap. Suminah mbengok-mbengok amarga bapake semaput.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar