Keris utawi tosan
aji utawi curiga punika salah satunggal gaman utawi sanjata
tradhisional masyarakat Jawa ugi dados salah satunggal lambang
paripurna tiyang jaler
sanèsipun turangga, wisma, wanitakaliyan kukila. Curiga
utawi keris punika
anggadhahi makna jantan, prakosa lan diwasa, utawi tiyang
(jaler) Jawa punika kedah tangguh, sanggup nglindungi
piyambakipun, kulawarga, saha saged mbélanegari.
.
Sajarah
Dèrèng wonten asil
panalitèn ingkang kasil nemtokaken kalapunapa tiyang Jawa miwiti mangertosi
keris, wonten keris Jawa sampun anggadhahi wujud ingkang sampurna nalika
jaman Krajan Majapait. Ing jaman rumiyin, keris punika dados lambang
kepangkatan ugi saged dados hadiyah ingkang paling saé utaminipun menawi
hadiyah keris saking raja
Manpangat
Jaman sapunika
fungsi keris sampun kirang, umumipun namung dados barang kolèksi ugi kanggé
parlengkapan adicara-adicara saha ritual adat. Jaman rumiyin sanesipun anggadhahi
fungsi sanjata, keris ugi saged kanggé tandha status sosial,jengjang pangkat
ugi hadiah. Keris ing jaman rumiyin ugi saged dados lambang paseduluran ingkang
dipuntandhai adicara ijol-ijolan keris, malah punika dados simbol paseduluran
ingkang paling inggil. Wonten praktekipun ingkang
kaanggepklenik, keris dipunanggep jimat kaliyan medhia/griya
kanggé lelembut.
Wilah
Wilah utawi pesi
menika bagian utaminipun keris. Bahan kagem wilah menika dipun damel saking
macem-macem bahan, nanging ingkang umum saking watu météor, wesi, lan baja.
Proses ndamelipun ngagem teknologi lipat, yaiku wesi utawi baja dipunpanasi,
ditempa, ditekuk, dipanasi, ditempa, ditekuk ngoten terus ngantos katah
lipatanipun. Cacahipun lipatan menika saking 16 lipatan (keris-keris blambangan)
ngantos ewonan lipatan (keris majapahit, mataram lan sapanunggalanipun). Amargi
prosès menika, ndadosaken wilah keris kuat sanget, teknologi menika ugi
dipuncakaken wonten industri plywood.
Warangka
Warangka inggih
punika sarung keris utawi wadhahipun keris. Warangka keris punika kadadosan
saking pérangan-pérangan poko, inggih punika pendhok, mendhak, gagang, kaliyan
warangka. Miturut jinisipun, warangka keris kaperang dados kalih, inggih punika
warangka gayaman kaliyan warangka ladrang. Warangka gayaman punika wujudipun
wonten kalih, inggih punika gayaman gaya Yogyakarta kaliyan gayaman
gaya Surakarta. Semanten ugi warangka ladrang ugi kapérang dados kalih corak
utawi gaya, inggih punika cara Yogyakarta kaliyan cara Surakarta.
Hulu
Gaman utawi gagang
inggih punika bageyan ingkang dipuncekel, panggenanipun wonten sangandhaping
wilah utawi pesi. Manpangatipun inggih punika kagem nyekeli wilah kaliyan kagem
dipuncekel nganggé asta. Hulu anggadhahi kathah macem motifipun.
Keris Bali wonten ingkang wujudipun kados patung dewa, patung
padende, patung raseksa, patung penari, pertapa, alas, ugi wonten ingkah
kinatah emas lan watu mulya. Keris Sulawesi nggambaraken
manuk liyar, minangka pralambang kangge profesi masyarakat Sulawesi ingkang
mujudaken pelaut. Déné peksi mujudaken lambang kaslametan dunya.
Kadosta motif mustaka manuk ingkang dipunginakaken ing keris Riau Lingga, lan
kanggé panggenan sanesipun minangka pengembangan tosan aji kadosta Acèh,
Bangkinang (Riau), Palembang, Sambas, Kutai, Bugis, Luwu, Jawa,Madura,
kaliyan Sulu anggadhahi ukiran lan pralambang ingkang benten. Materi
ingkang dipunginakaken asalipun saking manéka warna bahan kadosta gadhing,
balung, logam, ingkang apling asring dipunginakaken inggih punika kayu. Hulu
keris Jawa muturut garis besaripun kapérang dados sirah wingking, liling,
cigir, cetek, bathuk, madharan, kaliyan bungkul.
http://jv.wikipedia.org/wiki/keris
Tidak ada komentar:
Posting Komentar