Kesurang Surang
Pak Kromo
mono, sejatine saka nggaweyan lerene wis jam papat mau. Ning njur nyambangi
tegale sing kidul ndesa, mula tekan ngomah ya nganti surup rep. Lowung neng
tegalane nemu kambil gogrok loro, kates mateng lan gedhang setundhun wis suluh.
Senajan olehe nggawa mulih ngrengkek kabotan, ning atine seneng.
Tekan
ngomah leren sedhela nggaringke kringet, sinambi ngombe wedang adhem sing
tansah disedhiyani sing wadon nganggo cangkir manci gedhe.
Lagi wae
arep menyat reresik awak, ndadak mbok Kromo nyedak karo kondha :
?Pakne,
mau Tiyah anakmu wedok kuwi weling Lasmi lor kono, sing mau mulih. Wose njaluk
dhuwit kos sasi iki wis ditakokke.?
?Wadhuh?,
piye mbokmu, aku wis ora gocek jare. Hla iki rakya lagi tanggal lima ta??
?Hla iya,
pakne, ning nyatane nek wis ditakokke?, mangka Tarjo ya wis omong, nek S.P.P.ne
sing rong sasi ya durung sida dibayar.?
?Wadhuh
piye mbokmu, njur nek bareng-bareng ngene iki dhuwit saka ngendi??. Wong loro
lungguh anteng, panyawange disawatake menjaba, ning ketok yen kosong.
Atine
padha dene bingung, njur arep menyang sapa parane wadul golek pangayoman?. Anak
loro sing lagi kemragad kabeh, Tiyah kuliah neng perguruan tinggi swasta, Tarjo
untung bisa ana S.M.A negri klas loro. Pak Kromo sing pakaryane tukang batu
iku, mbiyen nalika Tiyah durung kuliah, uripe ngglengter.
Mbok Kromo
sing gawene adhang-adhang dagangan neng ndalan kuwi ya ora tau kasepen dhuwit,
ning saiki?. Oh utange kana-kene prasasat cendhek cengel. Kene durung disauri,
wis nrethek golek utangan maneh.
Ning piye,
bot-bote nuruti anak sing pingin kuliah. Wayah bengi bubar padha mangan, mbok
Kromo bali nyedhaki sing lanang njur takon :
?Piye
pakne, wis entuk gambaran lehe entuk dhuwit?? Semaure sing lanang semplah:
?Ya
durung, witikna njur arep neng ngendi ta mbokmu, utange dhewe iki wis tepung
gelang. Gek saiki sasat saben ndina mesthi ana wong nagih ?Wong loro bali
meneng-menengan, ngumbar gagasane dhewe-dhewe, sidane mbok Kromo njur kandha :
?Pak, aku
tak usul ya, semono mau nek atimu lega, wong kabeh mau rak kanggo anak.?
Kandhane mbok Kromo banget ngarah-arah.
?Iya
mbokmu, kowe arep omong apa??
?Ngene
pakne, timbang awake dhewe ngalor ngidul golek utangan terus, mangka ya ra nde
dhuwit kanggo nyaur? piye nek tegalan kae digolekake dhuwit?, sapa ngerti sesuk
nek wis rampung kuliah, Tiyah njur entuk gaweyan rak bisa tuku lemah maneh.
Ditaunke apa didol, turahane kanggo urip lan nyaur utang sing wis mbeyayah
akehe kuwi.? Pak Kromo isih meneng wae lenger-lenger ngrasakake aboting urip.
Bareng wis sauntara tumuli kandha :
?Mbokmu,
saupama Tiyah kuwi ora sah kuliah, ning kon ajar bakul apa nyambut gawe
sak-sake ngono, tak kira awake dhewe ora banget rekasane kok, mbokmu.?
?Wiyah
pakne, aja sok nggetuni lan nutuh barang sing wis kelakon ora ilok. Ya mung
ndedonga wae pakne, muga-muga pinaringana kuwat, gampang leh golek, lan bocahe
lancar nggone padha sinau.? Pak Kromo mung ndhekukluk ngrungokke rembuge
bojone, sing penak dirungokke, ning nyatane abot banget cak-cakane, kaya sing
sinandhang ing wektu iku.
Mbok Kromo
nganti ndomble olehe ngenteni wangsulane sing lanang, ning pak Kromo tetep
meneng wae.
?Pakne,
nek kowe mung meneng wae kuwi, perkarane ora bakal rampung. Wis ta, nek kowe
lega ning isin nawakake ben cepet dadi dhuwit, tak aku sing mlaku, piye??
Digujeg bojone, pak Kromo mung sumaur sakecap.
?Yoh mbokmu,
kana dolen!? Mbok Kromo njur semparet lunga. Embuh karo sapa lan neng ngendi
tujuwane lunga, olehe arep nawakake lan ngedol tegalan kuwi, mung mbok Kromo
sing ngerti.
Nganti
Tarjo bali sekolah, bapakne isih lungguh karo nglecis udud, kanggo ngelongi
aboting rasa. Tarjo takon :
?Simbok
neng ngendi pak, kok sepi??
?Lagi
nggolekke dhuwit mbakyumu, le.?
?Jarene
dhuwit kanggo apa, pak?,sasi wingi rak mentas njaluk wolungatus kanggo
semesteran, karo kanggo apa ngono, aku ya ora pati dhong.?
?Ya embuh,
le, sak ploke kuliah iki, mbakyumu kok terus wae anggone aba dhuwit, mangka
utang ngomah ya wis numpuk.? Kandhane pak Kromo angluh.
?Wis pak,
lulus S.M.A sesuk aku tak ajar golek dhuwit, aku tak ora neruske, ben bapak
simbok ora rekasa banget nalare.? Pak Kromo krasa welas krungu kandhane anak
lanang mau. Kaya-kaya carane mikir beda baget karo mbakyune. Tiyah mono yen
nduwe kekarepan ngudung ora ngawaske kahanane wong tuwane sing nyatane ringkih
lan sekeng kuwi.
Kuliah
lagi entuk telung semester, wong tuwane utange wis gebel ngalor ngidul, gek
mangka rampunge pirang semester maneh, pak Kromo lan bojone ya ora mangerti.
Ning pokoke dadi abot sangganing urip. Tenan, nalika ujian S.M.A lulus, Tarjo
trima leren, wong nyatane kahanane wong tuwane ya rekasa, ngragadi mbakyune wae
wis ngaya-aya banget.
Mula Tarjo
ya njur madik-madik, gaweyan apa sing bisa ditandangi tanpa nganggo modhal, wis
pokoke mantep, saupama ana wong akon gaweyan apa wae bakal disaguhi.
Pokoke
halal lan ora dadi laranganing Negara.
Dina
Minggu malem Senen, pak Kromo kaya adate entuk tugas rondha. Gandheng awake
rada lungkrah, mula akon Tarjo supaya nggenteni. Tarjo manut tumuli mangkat.
Ana ing cakruk perondhan, Tarjo ketemu tangga teparo sing padha ngayahi rondha.
Dheweke ya blaka yen nyulihi bapakne sing awake lagi ora kepenak, kabeh bisa
nampa.
Ing
antarane wong-wong mau ana pak Jupri, bengkel pit lan motor sing wis dadi. Pak
Jupri mau bisa ngrakit pit utawa motor sing onderdile olehe nukoni lawasan.
Sawise karakit lan dadi, banjur diadhep dhewe ya neng bengkele kono, sing wis
digawekke omah-omahan cilik. Nyatane ya laris lan akeh langganane.
Kejaba
regane murah, setelane pak Jupri ora waton dadi, ning pengkuh lan kuat. Mula ya
akeh sing seneng mrono. Bareng weruh Tarjo, Pak Jupri nyedhaki njur takon :
?Kowe ki
arep neruske sekolah apa leren, le??. Pitakone alus mersanak.
?Kula
kendel kok, pak, mboten wonten beaya,? wangsulaneTarjo jujur.
?Gelem pa
kowe ngrewangi aku ajar mbengkel??
?Wow ?
purun sanget, pak, menawi pak Jupri kersa ngajari kulo, ning inggih punika pak,
kulo taksih saking nol,dereng saget punapa-punapa?.
?Ora dadi
apa Tar, angger wae kowe ana karep, sregep lan tlaten, mengko suwe-suwe rak
bisa?.
?Inggih,
pak, kula sagah lan remen sanget?, wangsulane Tarjo kanthi polatan bigar. ?Yoh
wis nek kowe saguh, suk emben tekoa neng bengkel. Nek sesuk kowe mesthine rak
isih kesel lan ngantuk, wong saiki rondha?. Rembug dadi, ora lali Tarjo uga
kandha karo bapak lan embokne, sing ndadekake bungahe.
Ya wiwit
iku Tarjo ajar nyambut gawe nggone Pak Jupri.
Seje
critane karo Tiyah sing kuliah lan kos ana kutha. Sing saiki wis semester papat
ngancik lima iki, saiki Tiyah arang banget mulih kejaba yen njaluk dhuwit.
Mbokne
lehe adol tegalan kae, sidane dhuwite ming kamplung neng Tiyah ijen, turahan
sing ora sepiroa kanggo nyaur utang.
Tiyah
saiki wis kaya cah kutha sing kecukupan. Seneng dolan, jajan lan akeh kenalane
priya sing sok dolan neng kos-kosane. Ana kanca sing paling raket lan istimewa,
ya iku Burhan bocah saka Padang (Sumatra). Dheweke bocah fakultas ekonomi,
semester akhir.
Burhan
pancen anake wong sugih, ing atase kos wae, motore pendhak taun ganti anyar,
dhuwit kiriman ora tau telat lan uang sakune muwel, sing tansah dianggo nguja
Tiyah.
Kanca-kancane
Tiyah padha kandha, jare Tiyah mono begja nduwe pacar sugih.
Menyang
mulih kuliah, Tiyah tansah dipethuk lan diterke merga beda kampuse. Kanggo
ngimbangi kahanane Burhan ben ora banget njomplang, Tiyah tansah aba dhuwit
wong tuane senajan ora perlu, kanthi alasan warna-warna. Tiyah emoh ngerteni rekasane
wong tuwane. Yen Burhan arep dolan neng omahe uga ora entuk, wedi lan isin
merga wong tuwane mlarat.
Mangka
gandheng Burhan kuwi maune seneng tenan, njur dadi gela. Burhan mbatin, gek-gek
Tiyah mung seneng karo dhuwite lan seneng lehe dijak mrana-mrene tur diuja.
Suwe-suwe
Burhan ngawur. Rumangsa tansah kelangan dhuwit, Burhan kepingin entuk sembulih
saka Tiyah sing ayu kuwi. Sing sesuwene iki tansah njaga Tiyah, ning saiki arep
nyoba-nyoba.
Jebul
Tiyah bocah sing gampang lan kuthuk banget. Apa sapenjaluke Burhan dituruti.
Apa maneh
Tiyah ngerti, Burhan wis mung keri skripsi.
Batine,
metu kuliah ora papa, angger wae njur dinikah Burhan, toh dheweke anake wong
sugih.
Tiyah wis
wegah mikir apa-apa, kuliahe ya ndleya, kerep anggone absen tinimbang olehe
mlebu. Dina-dina sasat mung ngenteni tekane Burhan lan seneng-seneng.
Mbaleni
Tarjo sing ajar nyambut gawe ning anggone pak Jupri. Dhasar bocahe karep tur
sregep, mula apa wae sing kena disawang lan diwarahake pak Jupri, Tarjo cepet
tanggap lan ngerti, lan ya langsung dicakake sing ndadekake bungahe sing
diiloni.
Kejaba
gaweyan mbengkel sing pendhak setu diwenehi jajan dening pak Jupri, Tarjo uga
masarake sepadha apa motor rakitane dhewe. Saiki saben dina sabtu, Tarjo bisa
ulung-ulung dhuwit mbokne, sing bisa gawe bungah.
Ya Tarjo
iki sing bisa gawe ayem atine wong tuwa. Ning ya kuwi, sing jeneng lelakone
wong urip, kaya-kaya kok mung saderma nindaki, wis diatur sing ana ndhuwur, ya
panjenengaNe sing ngecet lombok.
Wayah esuk
ngepasi bengkel rame wong ndandakake, ana polisi loro teka nakokke sing jeneng
Tarjo, Jupri kaget, semono uga Tarjo dhewe.
Kanthi
nudhuhke surat tugas penangkapan, Tarjo banjur digawa neng kantor polisi, sing
perkarane durung cetha.
Jupri ya
blas ora ngerti, marga ora rumangsa kelangan apa-apa. Mung cethane bareng wis
tekan kantor polisi, jebulane Tarjo dijaluki tulung tilas kancane dhek neng SMA
ngedolake pit montor, sing jebulane asil colongan.
Pancen
sing nggawa (ngeterke) pit montor mau Tarjo. Dene kancane mau bareng ngerti yen
konangan, banjur lunga sing seprene durung mulih. Tarjo sing minangka dakwa
sementara, kudu ana kantor polisi nganti kancane mau kecekel.
Yen Jupri
bisa nampa lan dhong, ning mbok Kromo, sing awan bengi nangis, bola-bali neng
nggone Jupri ngakon njaluk luware Tarjo. Karo Jupri ya disaguhi, mung dikon
sabar, ora-orane yen Tarjo nganti tumindak culika.
Jupri rak
wis ngerti tenan karo watake Tarjo. Malah mbok Kromo yo dijak Jupri niliki
Tarjo ning tahanan, nyatane ya waras-wiris. Tarjo ya kandha apa anane, sing
bisa ngeyem-yemi atine mbokne.
Mbok Kromo
kejaba susah lehe Tarjo ditahan ning kantor polisi, ya wiwit mikir anake wadon
si Tiyah sing wis sesasi ora mulih, saploke keri dhewe njaluk kiriman dhuwit
didolke tegalan kae. Yen ditakokke Lasmi, bocahe ya ora ngerti, wong jare yen
njaluk kiriman kae, Tiyah sing mara neng pondhokane.
Lasmi sing
wiwit biyen kanca sak klas, jare saiki wis arep sekripsi, mbuh njur piye yen
Tiyah, wong wiwit semester papat kae wis arang-arang mulih. Mangka sejatine
wong tuwane ya wis padha kangen. Nganti sawijining dina mbok Kromo takon bojone
:
?Pakne,
mbok kana, niliki Tiyah neng pondhokan, wis sawetara kok ora bali, tekna ki
ngapa ta ngapa. Nek ngerti kahanane kuwi neng ati rak ayem?.
?
Wiyah?..mbokmu, cah wis diwasa rak isa mikir, selagi njaluk dhuwit wae ming
wekas kanca. Mangka ya ngerti, nek ngomah kuwi ora ndhuwe apa-apa, Selagi
kanggo mangan wae direwangi njungkir walik, kok tegel-tegele mulih wae wegah.
Wis embuh mbokmu aku emoh tilik, selagi pondhokane wae ora ngerti kok?. .
Kandha
ngono, pak Kromo karo metu njobo ninggal bojone. Mbok Kromo bisane mung ngelus
dha-dha karo mrebes mili. Iki wis seminggu Tarjo ditahan, ewadene kancane
durung ketemu.
Dhasar ya
wegah golek (nyambut gawe) merga ati semplah, ngomah ora duwe apa-apa, mula pak
Kromo rada kapiran mangane.
Kanggo
nylamur susahe, pak Kromo neng kebon ndudhuk uwi midra lan gadhung. Uwi lan
midrane rak langsung digodhog kena kanggo ganjel weteng, dene gadhunge lagi
digarap. Sawise dionceki, diiris tipis-tipis banjur dikum banyu, saben esuk
diidak-idak disalini banyu, ngono nganti tawar.
Ya bener
pak Jupri ya ulung-ulung, ning rakya ora kaya yen Tarjo nyambut gawe. Pokoke,
pak Kromo lan bojone pancen lagi susah, sing dipikir abot lan werna-werna.
Tan kocapa
Burhan, sawise lulus tumuli pamit Tiyah, sengadi arep mulih marani wong tuwane
dikon nembung (nglamarke Tiyah), ning dianti seminggu ? rong minggu nganti
genep sesasi ora ana kabul kawusanane. Tilpun? H.P?. surat ?, blas ora ana
wangsulan.
Gek mangka
lungane Burhan ninggal wiji ing guwa garbane Tiyah akibat rumaketing srawung
sing kebablasen, ora eling norma-norma kasusilaan kedereng nuruti ati sing mung
butuh seneng ? mat lan nikmat.
Oh ya kaya
ngono kuwi asiling pasrawungan sing jarene moderen.
Sing
dikosi dadi bingung, Tiyah dikon mulih ora wani, jare njaluk diterke. Kepeksane
sing dipondhoki ya nyaguhi, ning njaluk dikancani pak R.T lan ketua pemudha
kampung minangka seksi.
Ora koyoa
remuk rempu atine mbok Kromo bareng Tiyah mulih diterke sing dipondhoki, lan
entuk keterangan yen Tiyah saiki wis bobot telung sasi, ning pacare mlayu saka
tanggung jawab. Dheweke bocah Padang, Sumatra Barat. Bubar masrahke Tiyah, sing
dipondhoki banjur pamit bali.
Saungkure
sing ngeterke, tangise mbok Kromo pecah ora kena diampah, ndadekke tangga
teparo padha mara ngaruhke. Bareng padha ngerti, mung bisa ngelus dhadha, lan
mesakke marang mbok Kromo lan bojone.
Mulihe
Tiyah ora nggondhol ijasah ning bathi endhog lan awak lemu, sing mengko laire
bayi embuh sapa sing bakal ngaku.
Lagi wae
mbok Kromo meneng tangise, ndadak ing mburi keprungu hoak-hoek, pak Kromo
gladrahan neng ngomben pawon, kringete gobyos mripate merem wae. Ing sisihe ana
gadhung lan kambil parutan ing tambir sing wis dikrawu. Kukusan sing kanggo
adang wae isihtemumpang ing kendhil.
Ya embuh
saking ngelihe merga ora kopen, pak Kromo reka-reka gawe pangan srana adang
gadhung, ning jebulane durung tawar tenan. Dadi cethane pak Kromo mau mendem
gadhung.
Oh ?
tangga-tangga sing cedhak nyamurupi kabeh mau padha trenyuh, wusana esuke padha
menehi bahan pangan sing bisa diolah. Gethok tular, panandhange pak Kromo tekan
pak dhukuh, lan sabanjure pak dhukuh rembugan karo pak Jupri.
Keputusan
saka kekarone setuju, yen sadurunge Tarjo metu saka tahanan lan nyambut gawe,
mangane pak Kromo sabrayat bakal disangga pak Jupri lan pak dhukuh. Menungsa
mono yen lagi pinaringan pacoban lan panandhang, ndilalah apa wae sing
ditindakke kok tansah kleru ? luput ? lan salah. Kena diunekake wis nandhang
isih kesurang-surang.
?TAMAT?
Tidak ada komentar:
Posting Komentar