Selasa, 30 Desember 2014

CERITA ANAK

Kancil Karo Monyet

Biyen nalika eyang esih urip, lan aku esih alit, nanging saiki eyang uwis seda. Meh saben , nalika arep mapan turu, eyang mesti nyeritakaken cerita, mbuh kue cerita sejarah jamane perang utawa dongeng kewan. Saiki aku arep nyeritakake doneng sing wis diceritakake eyang sing esih aku eling-eling, crita Kancil karo Monyet. Ora sranta serune... mayu wacanen crita ng ngisor iki. Mayo diwaca maning seru banget critane.


Ing sawijine dina ing rimba, ana akeh jenise kewan sing urip tentrem lan akur siji lan sijine. Kabeh kewan nduweni keuripan lah lakune dewe-dewe. Nanging ana siji kewan sing anane gawe drusila lan paling licik, arane Kancil. Kelicikane utek lan pintere ngomong nipu kanca batir. Kancil wis dikenal kaya dene kewan sing duweni sayuto tipu daya. Nah iki sing dadi sasarane Monyet.
Ing sawijining dina, ana Monyet lagi penekan ing ngisor wit pring. Singsot, ndendang karo ngrasani roti. Kancil teka, weruh Monyet sing agi asik karo rotine. Utek licike muncul pingin jukut roti kang tangane Monyet.

"Nyet..Nyet..," undnag Kancil marang Monyet.
Monyet maringi Kancil, "Ana apa Cil? Keo ngundang aku?," takon Monyet.
Kancil : "Nyet.. aku wei setitik rotine, setitik baen aja akeh-akeh," jaluke Kancil
Monyet : "Iya.. aku kan apikan, kiye separoan karo aku,"
Kancil : "Suwun ya Nyet... koe mancen apikan, nanging aku baen sing maro," jaluke Kancil.
Monyet aweh roti nggo diparo maring Kancil ora nduweni rasa curiga karo Kancil. "Kiye... koe paro sing adil," penjalukane Monyet karo aweh rotine marang kancil.
Kancil maro rotine karo utek licike, siji gede siji cilik, nanging Monyet ora ngerti. Sawise diparo Kancil aweh bagean sing cilik maring Monyet, bagean sing gede dicekel dewek.
"Cil... nang ngapa ka gede gone ko?," takon Monyet.
Kancil : "Mrene gawa mrene, tak gawe pada.," banjur Kacil mangan setitik rotine sing gecel dewek, "Iki wis pada," Kancil aweh rotine meng Monyet.
Monyet : "urung Cil!! kue esih gede gone aku,"

Kancil njiot roti sing nang tangane Monyet, banjur dipangan setitik, kaya kue seteruse kanti rotine entek dipangan Kancil. hihihihi
Ahire Kancil mangan rotine kabeh, Monyet ulih kesuh karo Kancil wong Monyet sing duweni roti malah ora tampa. Mancen Kancil licik ora patut ditiru, urip nang masyarakat kue kudu brayan urip lan sinambi rewang siji lan siji liane. Urip bakal rukun ora kaya jaman saiki urip pada karepe dewek-dewek.


http://kumpulanceritajawa.blogspot.com/2010/03/iyen-nalika-eyang-esih-urip-lan-aku.html

CERKAK (Cerita Cekak)

Kesurang Surang

Pak Kromo mono, sejatine saka nggaweyan lerene wis jam papat mau. Ning njur nyambangi tegale sing kidul ndesa, mula tekan ngomah ya nganti surup rep. Lowung neng tegalane nemu kambil gogrok loro, kates mateng lan gedhang setundhun wis suluh. Senajan olehe nggawa mulih ngrengkek kabotan, ning atine seneng.
Tekan ngomah leren sedhela nggaringke kringet, sinambi ngombe wedang adhem sing tansah disedhiyani sing wadon nganggo cangkir manci gedhe.
Lagi wae arep menyat reresik awak, ndadak mbok Kromo nyedak karo kondha :
?Pakne, mau Tiyah anakmu wedok kuwi weling Lasmi lor kono, sing mau mulih. Wose njaluk dhuwit kos sasi iki wis ditakokke.?
?Wadhuh?, piye mbokmu, aku wis ora gocek jare. Hla iki rakya lagi tanggal lima ta??
?Hla iya, pakne, ning nyatane nek wis ditakokke?, mangka Tarjo ya wis omong, nek S.P.P.ne sing rong sasi ya durung sida dibayar.?
?Wadhuh piye mbokmu, njur nek bareng-bareng ngene iki dhuwit saka ngendi??. Wong loro lungguh anteng, panyawange disawatake menjaba, ning ketok yen kosong.
Atine padha dene bingung, njur arep menyang sapa parane wadul golek pangayoman?. Anak loro sing lagi kemragad kabeh, Tiyah kuliah neng perguruan tinggi swasta, Tarjo untung bisa ana S.M.A negri klas loro. Pak Kromo sing pakaryane tukang batu iku, mbiyen nalika Tiyah durung kuliah, uripe ngglengter.
Mbok Kromo sing gawene adhang-adhang dagangan neng ndalan kuwi ya ora tau kasepen dhuwit, ning saiki?. Oh utange kana-kene prasasat cendhek cengel. Kene durung disauri, wis nrethek golek utangan maneh.
Ning piye, bot-bote nuruti anak sing pingin kuliah. Wayah bengi bubar padha mangan, mbok Kromo bali nyedhaki sing lanang njur takon :
?Piye pakne, wis entuk gambaran lehe entuk dhuwit?? Semaure sing lanang semplah:
?Ya durung, witikna njur arep neng ngendi ta mbokmu, utange dhewe iki wis tepung gelang. Gek saiki sasat saben ndina mesthi ana wong nagih ?Wong loro bali meneng-menengan, ngumbar gagasane dhewe-dhewe, sidane mbok Kromo njur kandha :
?Pak, aku tak usul ya, semono mau nek atimu lega, wong kabeh mau rak kanggo anak.? Kandhane mbok Kromo banget ngarah-arah.
?Iya mbokmu, kowe arep omong apa??
?Ngene pakne, timbang awake dhewe ngalor ngidul golek utangan terus, mangka ya ra nde dhuwit kanggo nyaur? piye nek tegalan kae digolekake dhuwit?, sapa ngerti sesuk nek wis rampung kuliah, Tiyah njur entuk gaweyan rak bisa tuku lemah maneh. Ditaunke apa didol, turahane kanggo urip lan nyaur utang sing wis mbeyayah akehe kuwi.? Pak Kromo isih meneng wae lenger-lenger ngrasakake aboting urip. Bareng wis sauntara tumuli kandha :
?Mbokmu, saupama Tiyah kuwi ora sah kuliah, ning kon ajar bakul apa nyambut gawe sak-sake ngono, tak kira awake dhewe ora banget rekasane kok, mbokmu.?
?Wiyah pakne, aja sok nggetuni lan nutuh barang sing wis kelakon ora ilok. Ya mung ndedonga wae pakne, muga-muga pinaringana kuwat, gampang leh golek, lan bocahe lancar nggone padha sinau.? Pak Kromo mung ndhekukluk ngrungokke rembuge bojone, sing penak dirungokke, ning nyatane abot banget cak-cakane, kaya sing sinandhang ing wektu iku.
Mbok Kromo nganti ndomble olehe ngenteni wangsulane sing lanang, ning pak Kromo tetep meneng wae.
?Pakne, nek kowe mung meneng wae kuwi, perkarane ora bakal rampung. Wis ta, nek kowe lega ning isin nawakake ben cepet dadi dhuwit, tak aku sing mlaku, piye?? Digujeg bojone, pak Kromo mung sumaur sakecap.
?Yoh mbokmu, kana dolen!? Mbok Kromo njur semparet lunga. Embuh karo sapa lan neng ngendi tujuwane lunga, olehe arep nawakake lan ngedol tegalan kuwi, mung mbok Kromo sing ngerti.
Nganti Tarjo bali sekolah, bapakne isih lungguh karo nglecis udud, kanggo ngelongi aboting rasa. Tarjo takon :
?Simbok neng ngendi pak, kok sepi??
?Lagi nggolekke dhuwit mbakyumu, le.?
?Jarene dhuwit kanggo apa, pak?,sasi wingi rak mentas njaluk wolungatus kanggo semesteran, karo kanggo apa ngono, aku ya ora pati dhong.?
?Ya embuh, le, sak ploke kuliah iki, mbakyumu kok terus wae anggone aba dhuwit, mangka utang ngomah ya wis numpuk.? Kandhane pak Kromo angluh.
?Wis pak, lulus S.M.A sesuk aku tak ajar golek dhuwit, aku tak ora neruske, ben bapak simbok ora rekasa banget nalare.? Pak Kromo krasa welas krungu kandhane anak lanang mau. Kaya-kaya carane mikir beda baget karo mbakyune. Tiyah mono yen nduwe kekarepan ngudung ora ngawaske kahanane wong tuwane sing nyatane ringkih lan sekeng kuwi.
Kuliah lagi entuk telung semester, wong tuwane utange wis gebel ngalor ngidul, gek mangka rampunge pirang semester maneh, pak Kromo lan bojone ya ora mangerti. Ning pokoke dadi abot sangganing urip. Tenan, nalika ujian S.M.A lulus, Tarjo trima leren, wong nyatane kahanane wong tuwane ya rekasa, ngragadi mbakyune wae wis ngaya-aya banget.
Mula Tarjo ya njur madik-madik, gaweyan apa sing bisa ditandangi tanpa nganggo modhal, wis pokoke mantep, saupama ana wong akon gaweyan apa wae bakal disaguhi.
Pokoke halal lan ora dadi laranganing Negara.
Dina Minggu malem Senen, pak Kromo kaya adate entuk tugas rondha. Gandheng awake rada lungkrah, mula akon Tarjo supaya nggenteni. Tarjo manut tumuli mangkat. Ana ing cakruk perondhan, Tarjo ketemu tangga teparo sing padha ngayahi rondha. Dheweke ya blaka yen nyulihi bapakne sing awake lagi ora kepenak, kabeh bisa nampa.
Ing antarane wong-wong mau ana pak Jupri, bengkel pit lan motor sing wis dadi. Pak Jupri mau bisa ngrakit pit utawa motor sing onderdile olehe nukoni lawasan. Sawise karakit lan dadi, banjur diadhep dhewe ya neng bengkele kono, sing wis digawekke omah-omahan cilik. Nyatane ya laris lan akeh langganane.
Kejaba regane murah, setelane pak Jupri ora waton dadi, ning pengkuh lan kuat. Mula ya akeh sing seneng mrono. Bareng weruh Tarjo, Pak Jupri nyedhaki njur takon :
?Kowe ki arep neruske sekolah apa leren, le??. Pitakone alus mersanak.
?Kula kendel kok, pak, mboten wonten beaya,? wangsulaneTarjo jujur.
?Gelem pa kowe ngrewangi aku ajar mbengkel??
?Wow ? purun sanget, pak, menawi pak Jupri kersa ngajari kulo, ning inggih punika pak, kulo taksih saking nol,dereng saget punapa-punapa?.
?Ora dadi apa Tar, angger wae kowe ana karep, sregep lan tlaten, mengko suwe-suwe rak bisa?.
?Inggih, pak, kula sagah lan remen sanget?, wangsulane Tarjo kanthi polatan bigar. ?Yoh wis nek kowe saguh, suk emben tekoa neng bengkel. Nek sesuk kowe mesthine rak isih kesel lan ngantuk, wong saiki rondha?. Rembug dadi, ora lali Tarjo uga kandha karo bapak lan embokne, sing ndadekake bungahe.
Ya wiwit iku Tarjo ajar nyambut gawe nggone Pak Jupri.
Seje critane karo Tiyah sing kuliah lan kos ana kutha. Sing saiki wis semester papat ngancik lima iki, saiki Tiyah arang banget mulih kejaba yen njaluk dhuwit.
Mbokne lehe adol tegalan kae, sidane dhuwite ming kamplung neng Tiyah ijen, turahan sing ora sepiroa kanggo nyaur utang.
Tiyah saiki wis kaya cah kutha sing kecukupan. Seneng dolan, jajan lan akeh kenalane priya sing sok dolan neng kos-kosane. Ana kanca sing paling raket lan istimewa, ya iku Burhan bocah saka Padang (Sumatra). Dheweke bocah fakultas ekonomi, semester akhir.
Burhan pancen anake wong sugih, ing atase kos wae, motore pendhak taun ganti anyar, dhuwit kiriman ora tau telat lan uang sakune muwel, sing tansah dianggo nguja Tiyah.
Kanca-kancane Tiyah padha kandha, jare Tiyah mono begja nduwe pacar sugih.
Menyang mulih kuliah, Tiyah tansah dipethuk lan diterke merga beda kampuse. Kanggo ngimbangi kahanane Burhan ben ora banget njomplang, Tiyah tansah aba dhuwit wong tuane senajan ora perlu, kanthi alasan warna-warna. Tiyah emoh ngerteni rekasane wong tuwane. Yen Burhan arep dolan neng omahe uga ora entuk, wedi lan isin merga wong tuwane mlarat.
Mangka gandheng Burhan kuwi maune seneng tenan, njur dadi gela. Burhan mbatin, gek-gek Tiyah mung seneng karo dhuwite lan seneng lehe dijak mrana-mrene tur diuja.
Suwe-suwe Burhan ngawur. Rumangsa tansah kelangan dhuwit, Burhan kepingin entuk sembulih saka Tiyah sing ayu kuwi. Sing sesuwene iki tansah njaga Tiyah, ning saiki arep nyoba-nyoba.
Jebul Tiyah bocah sing gampang lan kuthuk banget. Apa sapenjaluke Burhan dituruti.
Apa maneh Tiyah ngerti, Burhan wis mung keri skripsi.
Batine, metu kuliah ora papa, angger wae njur dinikah Burhan, toh dheweke anake wong sugih.
Tiyah wis wegah mikir apa-apa, kuliahe ya ndleya, kerep anggone absen tinimbang olehe mlebu. Dina-dina sasat mung ngenteni tekane Burhan lan seneng-seneng.
Mbaleni Tarjo sing ajar nyambut gawe ning anggone pak Jupri. Dhasar bocahe karep tur sregep, mula apa wae sing kena disawang lan diwarahake pak Jupri, Tarjo cepet tanggap lan ngerti, lan ya langsung dicakake sing ndadekake bungahe sing diiloni.
Kejaba gaweyan mbengkel sing pendhak setu diwenehi jajan dening pak Jupri, Tarjo uga masarake sepadha apa motor rakitane dhewe. Saiki saben dina sabtu, Tarjo bisa ulung-ulung dhuwit mbokne, sing bisa gawe bungah.
Ya Tarjo iki sing bisa gawe ayem atine wong tuwa. Ning ya kuwi, sing jeneng lelakone wong urip, kaya-kaya kok mung saderma nindaki, wis diatur sing ana ndhuwur, ya panjenengaNe sing ngecet lombok.
Wayah esuk ngepasi bengkel rame wong ndandakake, ana polisi loro teka nakokke sing jeneng Tarjo, Jupri kaget, semono uga Tarjo dhewe.
Kanthi nudhuhke surat tugas penangkapan, Tarjo banjur digawa neng kantor polisi, sing perkarane durung cetha.
Jupri ya blas ora ngerti, marga ora rumangsa kelangan apa-apa. Mung cethane bareng wis tekan kantor polisi, jebulane Tarjo dijaluki tulung tilas kancane dhek neng SMA ngedolake pit montor, sing jebulane asil colongan.
Pancen sing nggawa (ngeterke) pit montor mau Tarjo. Dene kancane mau bareng ngerti yen konangan, banjur lunga sing seprene durung mulih. Tarjo sing minangka dakwa sementara, kudu ana kantor polisi nganti kancane mau kecekel.
Yen Jupri bisa nampa lan dhong, ning mbok Kromo, sing awan bengi nangis, bola-bali neng nggone Jupri ngakon njaluk luware Tarjo. Karo Jupri ya disaguhi, mung dikon sabar, ora-orane yen Tarjo nganti tumindak culika.
Jupri rak wis ngerti tenan karo watake Tarjo. Malah mbok Kromo yo dijak Jupri niliki Tarjo ning tahanan, nyatane ya waras-wiris. Tarjo ya kandha apa anane, sing bisa ngeyem-yemi atine mbokne.
Mbok Kromo kejaba susah lehe Tarjo ditahan ning kantor polisi, ya wiwit mikir anake wadon si Tiyah sing wis sesasi ora mulih, saploke keri dhewe njaluk kiriman dhuwit didolke tegalan kae. Yen ditakokke Lasmi, bocahe ya ora ngerti, wong jare yen njaluk kiriman kae, Tiyah sing mara neng pondhokane.
Lasmi sing wiwit biyen kanca sak klas, jare saiki wis arep sekripsi, mbuh njur piye yen Tiyah, wong wiwit semester papat kae wis arang-arang mulih. Mangka sejatine wong tuwane ya wis padha kangen. Nganti sawijining dina mbok Kromo takon bojone :
?Pakne, mbok kana, niliki Tiyah neng pondhokan, wis sawetara kok ora bali, tekna ki ngapa ta ngapa. Nek ngerti kahanane kuwi neng ati rak ayem?.
? Wiyah?..mbokmu, cah wis diwasa rak isa mikir, selagi njaluk dhuwit wae ming wekas kanca. Mangka ya ngerti, nek ngomah kuwi ora ndhuwe apa-apa, Selagi kanggo mangan wae direwangi njungkir walik, kok tegel-tegele mulih wae wegah. Wis embuh mbokmu aku emoh tilik, selagi pondhokane wae ora ngerti kok?. .
Kandha ngono, pak Kromo karo metu njobo ninggal bojone. Mbok Kromo bisane mung ngelus dha-dha karo mrebes mili. Iki wis seminggu Tarjo ditahan, ewadene kancane durung ketemu.
Dhasar ya wegah golek (nyambut gawe) merga ati semplah, ngomah ora duwe apa-apa, mula pak Kromo rada kapiran mangane.
Kanggo nylamur susahe, pak Kromo neng kebon ndudhuk uwi midra lan gadhung. Uwi lan midrane rak langsung digodhog kena kanggo ganjel weteng, dene gadhunge lagi digarap. Sawise dionceki, diiris tipis-tipis banjur dikum banyu, saben esuk diidak-idak disalini banyu, ngono nganti tawar.
Ya bener pak Jupri ya ulung-ulung, ning rakya ora kaya yen Tarjo nyambut gawe. Pokoke, pak Kromo lan bojone pancen lagi susah, sing dipikir abot lan werna-werna.
Tan kocapa Burhan, sawise lulus tumuli pamit Tiyah, sengadi arep mulih marani wong tuwane dikon nembung (nglamarke Tiyah), ning dianti seminggu ? rong minggu nganti genep sesasi ora ana kabul kawusanane. Tilpun? H.P?. surat ?, blas ora ana wangsulan.
Gek mangka lungane Burhan ninggal wiji ing guwa garbane Tiyah akibat rumaketing srawung sing kebablasen, ora eling norma-norma kasusilaan kedereng nuruti ati sing mung butuh seneng ? mat lan nikmat.
Oh ya kaya ngono kuwi asiling pasrawungan sing jarene moderen.
Sing dikosi dadi bingung, Tiyah dikon mulih ora wani, jare njaluk diterke. Kepeksane sing dipondhoki ya nyaguhi, ning njaluk dikancani pak R.T lan ketua pemudha kampung minangka seksi.
Ora koyoa remuk rempu atine mbok Kromo bareng Tiyah mulih diterke sing dipondhoki, lan entuk keterangan yen Tiyah saiki wis bobot telung sasi, ning pacare mlayu saka tanggung jawab. Dheweke bocah Padang, Sumatra Barat. Bubar masrahke Tiyah, sing dipondhoki banjur pamit bali.
Saungkure sing ngeterke, tangise mbok Kromo pecah ora kena diampah, ndadekke tangga teparo padha mara ngaruhke. Bareng padha ngerti, mung bisa ngelus dhadha, lan mesakke marang mbok Kromo lan bojone.
Mulihe Tiyah ora nggondhol ijasah ning bathi endhog lan awak lemu, sing mengko laire bayi embuh sapa sing bakal ngaku.
Lagi wae mbok Kromo meneng tangise, ndadak ing mburi keprungu hoak-hoek, pak Kromo gladrahan neng ngomben pawon, kringete gobyos mripate merem wae. Ing sisihe ana gadhung lan kambil parutan ing tambir sing wis dikrawu. Kukusan sing kanggo adang wae isihtemumpang ing kendhil.
Ya embuh saking ngelihe merga ora kopen, pak Kromo reka-reka gawe pangan srana adang gadhung, ning jebulane durung tawar tenan. Dadi cethane pak Kromo mau mendem gadhung.
Oh ? tangga-tangga sing cedhak nyamurupi kabeh mau padha trenyuh, wusana esuke padha menehi bahan pangan sing bisa diolah. Gethok tular, panandhange pak Kromo tekan pak dhukuh, lan sabanjure pak dhukuh rembugan karo pak Jupri.
Keputusan saka kekarone setuju, yen sadurunge Tarjo metu saka tahanan lan nyambut gawe, mangane pak Kromo sabrayat bakal disangga pak Jupri lan pak dhukuh. Menungsa mono yen lagi pinaringan pacoban lan panandhang, ndilalah apa wae sing ditindakke kok tansah kleru ? luput ? lan salah. Kena diunekake wis nandhang isih kesurang-surang.
?TAMAT?


PARIKAN (Pantun Jawa)

Nggawa takir isi gule, mangan kupat lawuh babat
aja mikir awake dhewe, delengen rakyat kang mlarat

jam papat wis nyumet kompor, masak apene nyarap
pejabat ojo dadi koruptor, sithik-sithik njaluk disuap

kursi goyang sikile papat, nek berjuang ojo golek pangkat
numpak dokar menyang Bekasi, nek berjuang kudu wani mati

Walang kekek menclok ning tenggok, mabur maneh menclok ning pari
aja ngenyek karo wong wedok, yen ditinggal lunga setengah mati 

Walang abang menclok ning kara, walang biru walange putih
bujang maneh ora ngluyura, sing wis nduwe putu wae ra tau mulih

Anak kodhok kalungan kupat, loro boyok wis ora kuwat
Omah gendheng tak saponane, abot entheng tak lakonane

Walang ireng mabur mbrengengeng, walang ireng dawa suthange
yen dha seneng aja mung mandeng, golekana endi omahe

iso nggambang gak iso nyuling, iso nyawang gak iso nyandhing
Andheng-andheng ono nang kupingn, aja dipandeng ojo dieling-eling



esuk nyuling sore nyuling, sulinge arék suroboyo,
esuk éling soré éling sing diéling kok gak rumongso 

http://chirpstory.com/li/189639

Jumat, 19 Desember 2014

KERIS

Keris utawi tosan aji utawi curiga punika salah satunggal gaman utawi sanjata tradhisional masyarakat Jawa ugi dados salah satunggal lambang paripurna tiyang jaler sanèsipun turangga, wisma, wanitakaliyan kukila. Curiga utawi keris punika anggadhahi makna jantan, prakosa lan diwasa, utawi tiyang (jaler) Jawa punika kedah tangguh, sanggup nglindungi piyambakipun, kulawarga, saha saged mbélanegari.
.
Sajarah

Dèrèng wonten asil panalitèn ingkang kasil nemtokaken kalapunapa tiyang Jawa miwiti mangertosi keris, wonten keris Jawa sampun anggadhahi wujud ingkang sampurna nalika jaman Krajan Majapait. Ing jaman rumiyin, keris punika dados lambang kepangkatan ugi saged dados hadiyah ingkang paling saé utaminipun menawi hadiyah keris saking raja
Manpangat
Jaman sapunika fungsi keris sampun kirang, umumipun namung dados barang kolèksi ugi kanggé parlengkapan adicara-adicara saha ritual adat. Jaman rumiyin sanesipun anggadhahi fungsi sanjata, keris ugi saged kanggé tandha status sosial,jengjang pangkat ugi hadiah. Keris ing jaman rumiyin ugi saged dados lambang paseduluran ingkang dipuntandhai adicara ijol-ijolan keris, malah punika dados simbol paseduluran ingkang paling inggil. Wonten praktekipun ingkang kaanggepklenik, keris dipunanggep jimat kaliyan medhia/griya kanggé lelembut.

Wilah
Wilah utawi pesi menika bagian utaminipun keris. Bahan kagem wilah menika dipun damel saking macem-macem bahan, nanging ingkang umum saking watu météor, wesi, lan baja. Proses ndamelipun ngagem teknologi lipat, yaiku wesi utawi baja dipunpanasi, ditempa, ditekuk, dipanasi, ditempa, ditekuk ngoten terus ngantos katah lipatanipun. Cacahipun lipatan menika saking 16 lipatan (keris-keris blambangan) ngantos ewonan lipatan (keris majapahit, mataram lan sapanunggalanipun). Amargi prosès menika, ndadosaken wilah keris kuat sanget, teknologi menika ugi dipuncakaken wonten industri plywood.

Warangka
Warangka inggih punika sarung keris utawi wadhahipun keris. Warangka keris punika kadadosan saking pérangan-pérangan poko, inggih punika pendhok, mendhak, gagang, kaliyan warangka. Miturut jinisipun, warangka keris kaperang dados kalih, inggih punika warangka gayaman kaliyan warangka ladrang. Warangka gayaman punika wujudipun wonten kalih, inggih punika gayaman gaya Yogyakarta kaliyan gayaman gaya Surakarta. Semanten ugi warangka ladrang ugi kapérang dados kalih corak utawi gaya, inggih punika cara Yogyakarta kaliyan cara Surakarta.

Hulu
Gaman utawi gagang inggih punika bageyan ingkang dipuncekel, panggenanipun wonten sangandhaping wilah utawi pesi. Manpangatipun inggih punika kagem nyekeli wilah kaliyan kagem dipuncekel nganggé asta. Hulu anggadhahi kathah macem motifipun. Keris Bali wonten ingkang wujudipun kados patung dewa, patung padende, patung raseksa, patung penari, pertapa, alas, ugi wonten ingkah kinatah emas lan watu mulya. Keris Sulawesi nggambaraken manuk liyar, minangka pralambang kangge profesi masyarakat Sulawesi ingkang mujudaken pelaut. Déné peksi mujudaken lambang kaslametan dunya. Kadosta motif mustaka manuk ingkang dipunginakaken ing keris Riau Lingga, lan kanggé panggenan sanesipun minangka pengembangan tosan aji kadosta Acèh, Bangkinang (Riau), Palembang, Sambas, Kutai, Bugis, Luwu, Jawa,Madura, kaliyan Sulu anggadhahi ukiran lan pralambang ingkang benten. Materi ingkang dipunginakaken asalipun saking manéka warna bahan kadosta gadhing, balung, logam, ingkang apling asring dipunginakaken inggih punika kayu. Hulu keris Jawa muturut garis besaripun kapérang dados sirah wingking, liling, cigir, cetek, bathuk, madharan, kaliyan bungkul.

http://jv.wikipedia.org/wiki/keris


WAYANG

Wayang Kulit iku salah sawijining pagelaran wayang ingkang mbabaraké lakon mahabharata utawa ramayana sing wayangé digawé saka kulit. Jinising wayang iki kang paling disenengi ing tanah jawa. Wayang iki digawé saka kulit kang ditatah lan diéntha kaya déné manungsa. Umumé wayang kulit nglakonaké lakon wayang purwa, nanging ana uga kang nganggo Crita Menak lan Babad Tanah Jawa, crita agama (Kristen, Buddha), perjuwangan, lan manéka warna crita liyané.
Panyebaran
Wayang kulit dilakokaké ing layar putih kang sinebut kelir. Déné wayang-wayang kuwi ditancepaké ing debog ana ing sisih tengen lan kiwané dhalang. Gamelan kang ana ing sisih mburi ngiringi pagelaran iki. Pagelaran wayang wis diakoni déning UNESCO ing tanggal 7 November 2003, dadi karya kabudayan kang édi péni ing babagan crita dongéng lan warisan kang berharga banget (Masterpiece of Oral and Intangible Heritage of Humanity). Suwaliké, UNESCO nyuwun supaya Indonesia njaga (preserve) warisan kuwi
Wayang iki ora mung sumebar ing Jawa waé, nanging uga ing tlatah liya ing Nuswantara. Wayang kulit sumebar ing tanah Jawa lan uga pérangan liya ing Nusantara, nanging wayang iki luwih disenengi dening wong Jawa Tengah lan saperanganJawa Wétan. Ing antarané panggonan siji lan liyané duwé gagrag dhéwé-dhéwé, sing paling gedhé yaiku Gagrag Ngayogyakarta lan Gagrag SurakartaGagrag Banyumas lan Gagrag Pesisiran uga kondhang ing tlatahé dhéwé.
Ing jaman saiki, pagelaran wayang antuk owah-owahan. Campursari lan dhagelan mlebu ing antarané pagelaran mau. Amarga wayang uga wis mlebu dadi acara televisi, suwéné pagelaran kang asliné sewengi bisa dikurangi dadi sawetara jam waé.
Wayang kulit uga asring sinebut wayang purwa. Sumber caritané yaiku saka kitab Mahabharata lan Ramayana kang ditulis déning Mpu Sedah, Mpu Panuluh, lan Mpu Kanwa.
Panggawéné wayang
Wayang kulit umumé digawé saka bahan kulit kebo sing wis diprosès dadi kulit lembaran, saben siji paraga wayang mbutuhaké watara ukuran 50 x 30 cm kulit lembaran sing banjur ditatah nganggo piranti arupa wesi lancip. Wesi waja iki digawé luqih dhisik kanthi manéka wangun lan ukuran, ana sing lancip, pipih, cilik, gedhé lan wangunliyané sing nduwèni fungsi béda-béda.
Wosé piranti mau kanggo gawé manéka bolongan ukiran ana ing lembaran wayang. Sabanjuré dipasang pérangan awak liyané ya iku tangan. Tangan wayang dumadi saka rong pérangan ya iku lengen dhuwur lan ngisor, saéngga tangan bisa diobahaké niru obahing tangan manungsa. Gagang wayang digawé saka bahan sungu kebo utawa sapi. Tangan wayang uga diwènèhi gagang supaya dhalang bisa ngobahaké tangan wayang kasebut.
Karakteristik paraga wayang
Irung Walimiring: Katon kaya piso blathi cilik, kanggo nuduhaké alusing watak lan kabangsawanan, tuladha: Arjuna,Samba, Kresna.
·    Irung Pelokan: Kaya wangun separo who pelem, nuduhaké pepadhan karo watak raseksa kasar lan kuwat. Tuladha: Buta Rotor, Bragolba, lan paraga buta liyané.
·    Irung Pagotan: kanthi cangkem gusèn, nuduhaké watak galak lan kejem. Tuladha: Radèn Indrajit, Radèn Kangsa.
·         Irung Bentulan: Nuduhaké keprajuritan. Tuladha: Gatotkaca, Gandamana, Bratasena.
·         Irung Bruton: Nuduhaké sipat lucu, tuladha:Bagong.
·         Irung Sumpel: Nuduhaké sipat lucu, tuladha:Semar lan Limbuk.
·         Irung Térong: Nuduhaké sipat bisa narik kawigatèn, kaya pelawak. Tuladha: Garèng.
·         Irung Cempaluk: Nuduhaké sipat konyol kaya badhut. Tuladha:Pétruk.
·         Irung Pèsèkan: Nuduhaké lucu. Tuladha: Togog, Mbilung, Wanara


http://jv.wikipedia.org/wiki/Wayang_kulit



Senin, 15 Desember 2014

CERITA RAKYAT

KALIWUNGU
Ing jaman biyen wonten cariyos ingkang nyariosaken asal usulipun Kaliwungu. Cariyos menika taksih wonten ing masyarakat sekitar Kaliwingu kabupaten Kendal. Wiwit saking jaman kerajaan Majapahit ingkang taksih beragama hindu. Ananging kerajaan Majapahit kaliyan kerajaan Demak wonten perselisihan lan gawe ora akur.
Bhatara Katong iku adipati saking Ponorogo, nalika miturut sajarah utawi cariyos, beliau menika putra kaping 24 Prabu Brawijaya Majapahit, Bhatara Katong menika adike Raden Patah Sultan saka Demak Bintoro nanging padha rama benten biyung. Kabeh masyarakat Ponorogo ngenali yen Bhatara Katong iku pancen sakti.
Bhatara Katong taksih nggadhahi agama Hindu. Raden Patah nganjurka Bhatara Katong supados mlebet agama Islam, Bhatara Katong nrima anjuran saking Raden Patah supados mlebet agama Islam, saranipun saking Raden Patah dipuntrima nanging bakal kaleksanan sawise rama Prabu Brawijaya sampun seda, sawise rama Prabu Brawijaya sampun seda, Bhatara Katong ora netepi janjinipun lan tansah ngulur-ngulur wektu.
Akhire Batara Katong pikantuk Ilham (wangsit) saking Allah lan petunjuk kangge ninggalake kamukten minangka adipati lan supados sinau menyang pulo Tirang, banjur Bhatara Katong tindak menyang arah ingkang sampun di tuduhake miturut wangsit menika yaiku pulo Tirang, Bhatara Katong ngajak istri lan loro anake ingkang wadon sedaya menyang sinau dhumateng Ki Pandanarang. Bhatara Katong nyuwun kaliyan Ki Pandanarang supados di lebetaken maring Islam, lajeng Bhatara Katong dipun ngucap syahadat.
Lajeng Bhatara Katong di gantos asmanipun dados Sunan Katong. Sunan Katong maringke anake ingkang sulung supados dados garwane Ki Pandanarang. Sawise dipun anggep cekap sinau agama Islam, lajeng Sunan Katong dipun dawuhi kaliyan Ki Pandanarang kangge nglajengaken nyebar Agama Islam. Sunan katong lunga menyang tlatah Kendal kangge nyebarke agama islam.
Wonten ing dalan Sunan Katong ngraosaken sayah badhe ngunjuk banyu lajeng menyang kali, ing pinggir kali wonten wit, Sunan Katong ngaso wonten ing ngisor wit menika. Sunan katong mlampah malih ngantos bukit ingkang namane Bukit Penjor. Ing Bukit Penjor Sunan Katong madekke masjid kangge nyebarake agama islam. Sunan Katong didadekke kyai lan mimpin para santri-santri.
Ananging Bukit Penjor kui di kuasai Empu Pakuwaja, Empu Pakuwaja menika tiyang ingkang damel pusaka kangge prajurit Majapahit lan taksih beragama hindu. Nalika Empu Pakuwaja krungu yen ana tiyang ingkang madekke masjid lan nyebarake islam, Empu Pakuwaja murka amargi boten remen yen ana sing mengusik tlatah kekuasaane.
Empu Pakuwaja tindak menyang Bukit Penjor kangge nemui Sunan Katong banjur Empu Pakuwaja dugi ing masjid, Empu Pakuwaja melukai santri-santri ing masjid kui, ananging Sunan Katong boten wonten ing masjid amargi taksih tindak sowan menyang daleme Ki Pandanarang kangge ningali putrine lan nglaporake yen Sunan Katong sampun madekke masjid lan nyebarake agama islam. Banjur Empu Pakuwaja wangsul menyang omahe.
Pirang dinten malih Empu Pakuwaja menyang masjid kangge nemuni Sunan Katong, ing masjid kui Sunan Katong taksih mimpin ngaji para mualaf. Empu Pakuwaja bengok ing jero masjid arep mateni Sunan Katong. Sedaya tiyang sami kaget weruh Empu Pakuwaja ingkang murka.
Sunan Katong ora wedi ananging Sunan Katong ora pengen yen para wong-wong weruh kerusuhan ing mesjid iki banjur Sunan Katong mlayu ninggalake masjid. Empu Pakuwaja ngoyak Sunan Katong nganti tekan sak pinggire kali. Ing pinggir kali kui Sunan Katong kaliyan Empu Pakuwaja gelut.
Sunan Katong iku sakti amargi mantan adipati saking kerajaan Majapahit. Empu Pakuwaja nyerang nganggo keris pusaka sakti gaweane dewe nanging Sunan Katong bisa bales serangane Empu Pakuwaja lan Sunan Katong bisa gawe Empu Pakuwaja terluka parah.
Empu Pakuwaja uwis sekarat getihe tercecer ngalir nganti tekan kali nanging Empu Pakuwaja jaluk ampun marang Sunan Katong lan gelem dherek mlebet agama islam. Sunan Katong ngraosake seneng amargi Empu Pakuwaja gelem mlebet islam. Empu Pakuwaja ngrasa ngelak jaluk ngombe banjur Sunan Katong njukok banyu ning kali, nanging Empu Pakuwaja malah nusuk punggunge Sunan Katong ngangge keris pusaka.
Sunan Katong ora bisa nangkis serangan kui banjur Sunan Katong ambruk nyemplung kali lan Empu Pakuwaja uga nyemplung ing kali kui. Sunan Katong lan Empu Pakuwaja mati ing kali kui lan getihe ngalir ana ing kali. Amarga getihe Sunan Katong duwe werna biru lan getihe Empu Pakuwaja werna abang sahingga warna banyu ing kali kui malih dadi warna ungu.

Lajeng tlatah kui di arani Kaliwungu saking tembung “kali” lan “ungu”, ngantos sakniki taksih di arani Kaliwungu lan saben sasi sawal masyarakat padha ziarah maring makam Sunan Katong.

SINDEN

SINDEN
PESINDEN juga sering disebut SINDEN, Ki Mujoko Joko Raharjo berasal dari kata “pasindhian” yang berarti yang kaya akan lagu ataua yang melagukan (melantunkan lagu). Sinden disebut juga WARANGGANA “wara” berarti seseorang berjenis kelamin wanita, dan “anggana” berarti sendiri. Pada jaman dahulu waranggana adalah satu-satunya wanita dalam panggung pergelaran wayang ataupun pentas klenengan. Sinden memang seorang wanita yang menyanyi sesuai dengan gendhing yang di sajikan baik dalam klenengan maupun pergelaran wayang.
Istilah sinden juga digunakan untuk menyebut hal yang sama dibeberapa daerah seperti Banyumas, Yogyakarta, Sunda, Jawa Timur dan daerah lainnya, yang berhubungan dengan pergelaran wayang maupun klenengan. Sinden tidak hanya tampil solo (satu orang) dalam pergelaran tetapi untuk saat ini pada pertunjukan wayang bisa mencapai delapan hingga sepuluh orang bahkan lebih untuk pergelaran yang sifatnya spektakuler.
Pada pergelaran wayang zaman dulu, Sinden duduk di belakang Dalang, tepatnya di belakang tukang gender dan di depan tukang kendhang. Hanya seorang diri dan biasanya istri dari Dalangnya ataupun salah satu pengrawit dalam pergelaran tersebut. Tetapi seiring perkembangan zaman,terutama di era Ki Narto Sabdho yang melakukan berbagai pengambangan, Sinden dialihkan tempatnya menghadap ke penonton tepatnya di sebelah kanan Dalang membelakangi simpangan wayang dengan jumlah lebih dari dua orang.
Di era modern sekarang ini Sinden mendapatkan  posisi yang hampir sama dengan artis penyanyi  campursari, bahkan Sinden tidak hanya dibutuhkan untuk mahir dalam menyajikan lagu tetapi juga harus menjaga penampilan, dengan berpakaian yang rapi dan menarik. Sinden tidak jarang menjadi “pepasren” (penghias) sebuah panggung pertunjukan wayang. Bila Sindennya cantik-cantik dan muda yang nonton akan lebih kerasan dalam menikmati pertunjukan wayang.

Perkembangan wayang saat ini bahkan Sinden tidak hanya didominasi wanita tetapi telah muncul beberapa orang Sinden laki-laki yang mempunyai suara merdu seperti wanita, tetapi dalam dandannya Sinden ini tetap memakai pakaian adat jawa selayaknya pengrawit pria lainnya dan beberapa waktu lalu Sinden laki-laki ini malah menjadi trend para Dalang untuk menghasilkan nilai lebih pada pergelarannya.