Rabu, 13 Januari 2016

Tugas MKI

RESENSI NOVEL

Judul Novel     : Wedhus Gembel Gunung Merapi
Penulis                         : Suci Hadi Suwita
Penerbit                       : Elmatera
Tahun Terbit                : 2014
Cetakan Pertama         : 2011
Tebal Buku                  : viii + 168 Halaman
ISBN                           : 978-979-185-330-9
Ukuran                                    : 14.5 x 21cm
Jenis Kertas                 : HVS

Sinopsis
Novel wedhus gembel menika nyariosaken tiyang wadon ingkang gadhah asma Darmini. Darmini menika saking Sleman umur 21 taun, gadhah rai ayu tur wernane kuning resik. Banjur irunge mbangir, mripate amba tur mblalak, yen kesawat lirikane jan.... maut, senajan ora gampang nglirik wong. Lambene tipis dhemes.gek untune kui kok kaya ditata thirik-thirik, ana gingsule siji nggon siyung, marakake nambahi manis. Rambute dawa sakdhuwure bokong, ireng menges-menges. Pawakane lencir nanging isi. Bathuke njeruk sajajar sandhuwure alis kandel sing pinggire njeprik munggah. Mung emane, sikile sing siji rada cilik cendhek, mula yen mlaku dadi pincang.
Darmini nyambut gawe ana toko Ramai ing Baskelan Yogya. Nalika iku Darmini lagi mlaku arep bali karo kanca-kanca sasakgaweyan, Darmini lagi arep nyebrang mangidul, ndadak ana Honda Astrea direm sakayange. Darmini sing pincang isih ana ing tengah dalan. Atine wis entek, mendah dadi apa awake yen ketabrak tenan.
Dheg, atine Darmini ambyar sakathahing rasa dadi sawalang-lawang, kaget, mangkel, susah, isin, nangingkesengsem amargi Darmini nyawang sing bonceng lan sing bonceng uga nyawang dadi sami-sami nyawang.Tekan pondhokane Darmini goreh, sawengi tansah klisikan. Panah asmara wis ngenani atine.
Rong minggu saploke kedadeyan kuwi, saben Darmini mulih, priya sing bonceng Honda dhek semana meneng-meneng ngetutake lakune Darmini sakanca nganti tekan pondhokane. Sawijining dina Darmini lagi mulih dewean, lagi tekan buri toko Ramai ana sing ngundang, jebul kuwi priya sing bonceng Honda astrea kae. Lajeng saben Darmini mulih dewe mesthi di terke karo mas Salim.
Wong lanang kuwi jenenge Salim Martana umur 25 taun, asale saking Sewon kabupaten Bantul. Nyambut gawe ana Losmen Sosrowijayan. Awake gagah duwur tur ireng ananging raine ora elek yo sedheng-sedhrng wae, brengose wis thukul sithik-sithik. Salim wis tau pacaran kaping telu ananging gagal kabeh amargi kurang cocok.
Wis suwi anggene Salim lan Darmini kenal banjur Salim ngajak Darmini urip bebarengan, nanging Darmini isih ora percaya yen Salim kuwi serius apa mung dolanan tok. Salim tansah ngeyakinanke Darmini yen Salim kuwi serius anggene ngajak urip bebarengan. Darmini perca karo pangajakane Salim.
Sawijining dina Salim lan Darmini lunga menyang Sleman sowan marang mbok Soma, mbokne Darmini. Salim jelaske yen Salim kuwi duwe niat arep ngajak Darmini urip bebarngan, uga nyuwun pangestu marang mbok Soma supados ngretuni Salim lan Darmini bisa omah omah lan urip sesarengan. Mbok Soma ngrestuni Salim anggene arep urip bebarengan karo Darmini. Banjur Salim lan Darmini wangsul menyang pondhokane Darmini.
Kalih minggu sawise saka omahe mbok Soma, Salim ngajak Darmini sowang marang wong tuone Salim. Isuk-isuk Salim lan Darmini mangkat menyang Sewon daleme mbok lan bapake Salim. Tekan kono disambut karo mbok, bapak lan adhik-adhike Salim kanthi seneng lan nrima Darmini apa anane. Banjur Salim nggenahke marang mbok lan bapakne yen Salim kuwi uwis tenanan anggene arep urip bebarengan karo Darmini, mbok Marto lan pak Marto sarujuk lan ngrestuni, mbokne ya bakal nyiapkake borampene ngantenan. Banjur Salim lan Darmini Wangsul.

Sak uwise nikah, Darmini lan Salim gawe omah ana ing Dongkelan. Ing omah kuwi Salim lan Darmini ngrasakake susah lan senenge urip sesarengan. Salim di kon juragene njaga losmen “Sari Asih” sing anyar ana ing Kaliurang, Salim alih jarang mulih amargi jarake adoh saka omahe. Ning kana Salim kerja karo mbok Sunah sing dadi tukang ana ing pawon, mbok Sunah duwe anak wedok jenenge Harti lan bapake Harti minggat ora genah.
Sawijing dina ana wong lanang rada tuo jenenge pak Duryat arep nginep ing losmen kuwi, mbok Nah sing ora asing karo wajah wong kui kaget nanging Mbok Nah meneng wae. Pas wayah isuk  Salim lan pak Duryat taksih guneman babagan yen pak Duryat kui nakale ora karuan lan gadhah garwa ing ngendi-ndi. Garwo-garwone  padha di tinggal lunga sak penake wudele dewe lan namane kui asline dudu Duryat amargi pak Duryat kui uwis gonta-ganti nama nganti kalih dasa. Pak Duryat celathu yen Harti iku kaya anake dewe, banjur  mbok Nah melu nyemauri yen Harti kui emang anake Pak hartono alias Pak Duryat kui, mbok Nah ngomong ngono karo emosi.
Pak Duryat banjur nyedaki mbok Nah lan nyuwun ngapura karo mbok Nah nanging mbok Nah malah mlebu ana pawon, pak Duryat marani karo ngomong arep dijak ijab maneh kanggo nebus dosane wayah biyen. Mbok Nah sing lagi emosi kuwi banjur jukok peso sing landep banget banjur di balangake marang pak Duryat nanging pas kuwi Salim sing krungu geger kuwi banjur mara, peso sing mabor kuwi ora njarak malah nyrempet tangane Salim banjur nancep marang awake pak Duryat. Tangane Salim metu getihe akeh merga tatne rada jeru, pak Duryat langsung ambruk amarga getihe metu akeh nanging ijek urip jalaran peso mau nyrempet tangane Salim disek.
Ana kedadeyan kui Pak Garda sing duwe losmen kui teka banjur nulungi salim lan Pak Duryat. Pak Garda gawa pak Duryat lan Salim ana ing rumah sakit banjur nglaporake ana ing kantor polisi. Pak Garda uga ngabari kluargane Salim. Kluargane Salim banjur ngabari mbokne Darmini lan Mbok Marto ngabari Darmini kanthi alon-alon supaya Darmini sing ijek ngandung kui ora kaget. Sesuk isuk padha njenguk salim, sing wis teka disek mbok Soma lan adhine Darmini banjur ora suwi mbok Marto karo Darmini teka. Sajake padha kuatir karo kondisine Salim, Salim nyritakake kahanan sing kedadeyan wingi kuwi marang sak kluargane. Salim ileng marang pak Duryat sing kluargane durung ngerti lan ora ana sing njenguk kae. Mbok Soma lan adhine Darmini niliki pak Duryat kui banjur kaget jebul kui Darmono bojo biyen sing ninggalake Darmini pas ijek cilik lara polio kae. Pak Duryat ya ijek kelingan marang Soma kuwi banjur Darto ngajak mbokne metu supaya mbokne kuwi bisa nglupakake kahanan bapake mbak Dar sing ora becik kuwi. Salim sing weruh kedadean kuwi malih ngrasa was-was. Salim curiga yen pak Duryat kui uga bapak kandhunge.
Salim ngajak metu mbokne banjur takon babagan bapakne, pak Marto kuwi dudu bapak kandhunge. Mbokne banjur crita yen pak Marto kuwi pancen dudu bapak kandhunge Salim. Biyen mbok Marto kui duwe pacar jenenge Surip nanging pas ijek ngandhung Salim malah lunga ora bali-bali banjur di rabeni karo pak Marto kuwi. Salim tansah curiga banjur ngomong karo mbokne yen pak Duryat kuwi bapak kandunge Darmini, Pak Duryat kuwi uwis ganti jeneng nganti rongpuluh, Salim curiga yen Pak Duryat kuwi pak Surip. Banjur Salim ngajak mbokne nemuni Pak Duryat. Mbok Marto sing weruh rupane pak Duryat kae kaget karo jiwit Salim kanggo mertandani yen pak Duryat kuwi pancen pak Surip bapak kandhunge Salim. Salim banjur ngajak mbokne metu karo ngomongi mbokne supaya kedadean iki di jaga aja nganti ana sing ngerti perkawis iki. Salim mrasakke sedih ora karuwan merga Darmini iku adhine sing beda biyung. Salim tresna marang Darmini tenanan, Salim ora ngerti apa sing bakal kedaden. Salim uga mikir anake sing lagi dikandhung Darmini kuwi “Kala Srenggi” sing bakale lair. Salim tansah sedih ora karuwan lan ora bisa tenang merga kedadean kae.
Sak uwise Salim mari, Salim banjur nyambut gawe ana ing losmen kaliurang kae. Perkarane mbok Nah kae bebasake jalaran pak Duryat ngajak ijab mbok Nah lan mbok Nah uga sarujuk, wong loro kuwi banjur dadi omah-omah maneh.
Sawijining dina pak Duryat teka ana ing losmen arep nginep lan nostalgianan ngajak karo mbok Nah lan Harti. Isuk-isuk Salim ijek wae ngalamun babagan kedadean kae, Salim ijek ngrasake wedi apa sing bakal kedadean bek anake sing “Kala Srenggi” kae. Pak Duryat nemuni Salim lan ngajak mlaku-mlaku ana ing lereng Gunung karo ngobrol-ngobrol sinambi nyawang alam sing endah gaweane Gusti maha Kuasa iku. Pak Duryat ngrasa kesel banjur ngajak salim liren ana ing ngisor uwit karo nyawang endahe alam.
Lagi enak-enak nyawang kaedndahaning alam sing gumelarana ing perenging Gunung Merapi, ana kaendahan liya sing nggegirisi. Wedhus gembel Gunung Merapi sing adate mlorot medhun nasak pereng nylorong neng jurang, awan kuwi, wedhus gembel kuwi nglumba, mencolot nglumpati jurang, ambyuk ing desa Turgo sakiwa tengene. Omah-omah padha kobong, sing neng jero omah mesthi padha gosong. Salim lan pak Duryat kang thenguk-thenguk ana ngisor uwit uwis ora bisa nggiwar maneh. Wong loro dadi mlonyoh, ketrajang awan panas gunung Merapi. Salim ngomong marang pak Duryat yen salim ki anake, kanthi megap-megap pak Duryat nyemauri yen jebul Salim kui ngrabeni adhine dewe. Banjur wong loro kuwi mati ana ing kana.
Unsur Instrinsik
1.      Tema              : wong sing arep omah-omah
2.      Latar:  
a.       Latar tempat: toko ramai, malioboro, pondhokan, prapatan, pertelon, omahe mbok Soma, omahe pak Marto, losmen, warung-warung, rumah sakit, omahe salim lan Darmini.
b.      Latar waktu: isuk, awan, sore, bengi
c.       Latar suasana: nyenengake, misakke, terharu, romantis, sedih, tegang, getunake.
3.      Penokohan
a.       Darmini: apikan, lugu, kalem, baik hati, ramah, sopan.
b.      Salim : apikan, rada nakal biyene, ramah, sopan, romantis.
c.       mbok Soma: sareh, gemati, ramah , apikan
d.      Darto : apikan, sopan, ngajeni.
e.       pak Marto: sareh, sopan, bijaksana, apikan, gemati.
f.       mbok Marto : sareh, gemati, sopan, apikan.
g.      Suradi : apikan , sopan, ngajeni, lucu.
h.      kuwato : apikan , lucu, ngajeni, sopan.
i.        Siti ; sopan, apikan, ngajeni, ngeyelan, lucu.
j.        mbok Sunah: apikan, sregep, emosinan.
k.      Harti : lugu, sopan, ngajeni.
l.    pak Duryat: playboy, romantis, ngapusinan.
m.  pak Garda: sareh, bijaksana, apikan, gemati.
4.      Alur                             : maju mundur campuran.
5.      Amanat                       : tresna kuwi ora mandhang rupa lan bandha, arep omah-omah kui sing penting ana tresna ora mung nafsu sahwat. Aja gawe gampang anggene omah-omah banjur di tinggal lunga sak penake dewe. Wong sing tumindak ala mesthi bakal pikantuk piwalesan sing ora becik.
6.      Sudut pandang              : Sudut pandang wong sing pertama lakon utama.
7.      Gaya bahasa                : ginakake basa saben dina-dina.
Kelebihan Novel
Novel Wedhus Gembel Gunung Merapi iki pancen apik tenan, novel iki nyritakake kahanane urip sing ana ing masyarakat wong cilik. Novel iki uga maringi pangerten babagan omah-omah sing sae lan urip sing sae, uga nyritakake wong sing tumindak ala.
Kekurangan Novel
Novel iki kurange mung sithik, kaya crita terakhire kuwi rada ora jelas, judhul lan isine uga rada ora nyambung nanging ya nyambung wae. Uga nyritakake babagan sing saru ya kurang jelas sanget.
Manfaat Isi Novel
Novel iki manfaat banget kangge tiyang enem sing lagi pengen arep omah-omah, amargi novel iki nyritake babagan omah-omah sing sae lan becik tumindake
Saran

Novel Wedhus Gembel Gunung Merapi iki ya wis apik banget bisa nyariosake babagan sing ana ing kauripan sak dina-dina. Anggen luwih sae malah ceritane radi akeh malih lan cerita akhire di lajengake supados genah apa sing di kwatirake utawa akibate kae bakale kedaden.

1 komentar:

  1. Semoga bisa bertemu langsung dengan mas Adi Pandu Wicaksono..

    BalasHapus