RESENSI NOVEL
Judul Novel : Wedhus
Gembel Gunung Merapi
Penulis :
Suci Hadi Suwita
Penerbit :
Elmatera
Tahun Terbit :
2014
Cetakan Pertama :
2011
Tebal Buku :
viii + 168 Halaman
ISBN :
978-979-185-330-9
Ukuran :
14.5 x 21cm
Jenis Kertas :
HVS
Sinopsis
Novel wedhus gembel menika nyariosaken tiyang wadon ingkang
gadhah asma Darmini. Darmini menika saking Sleman umur 21 taun, gadhah rai ayu
tur wernane kuning resik. Banjur irunge mbangir, mripate amba tur mblalak, yen
kesawat lirikane jan.... maut, senajan ora gampang nglirik wong. Lambene tipis
dhemes.gek untune kui kok kaya ditata thirik-thirik, ana gingsule siji nggon
siyung, marakake nambahi manis. Rambute dawa sakdhuwure bokong, ireng
menges-menges. Pawakane lencir nanging isi. Bathuke njeruk sajajar sandhuwure
alis kandel sing pinggire njeprik munggah. Mung emane, sikile sing siji rada
cilik cendhek, mula yen mlaku dadi pincang.
Darmini nyambut gawe ana toko Ramai ing Baskelan Yogya.
Nalika iku Darmini lagi mlaku arep bali karo kanca-kanca sasakgaweyan, Darmini
lagi arep nyebrang mangidul, ndadak ana Honda Astrea direm sakayange. Darmini
sing pincang isih ana ing tengah dalan. Atine wis entek, mendah dadi apa awake
yen ketabrak tenan.
Dheg, atine Darmini ambyar sakathahing rasa dadi sawalang-lawang,
kaget, mangkel, susah, isin, nangingkesengsem amargi Darmini nyawang sing
bonceng lan sing bonceng uga nyawang dadi sami-sami nyawang.Tekan pondhokane
Darmini goreh, sawengi tansah klisikan. Panah asmara wis ngenani atine.
Rong minggu saploke kedadeyan kuwi, saben Darmini mulih,
priya sing bonceng Honda dhek semana meneng-meneng ngetutake lakune Darmini
sakanca nganti tekan pondhokane. Sawijining dina Darmini lagi mulih dewean,
lagi tekan buri toko Ramai ana sing ngundang, jebul kuwi priya sing bonceng
Honda astrea kae. Lajeng saben Darmini mulih dewe mesthi di terke karo mas
Salim.
Wong lanang kuwi jenenge Salim Martana umur 25 taun, asale
saking Sewon kabupaten Bantul. Nyambut gawe ana Losmen Sosrowijayan. Awake
gagah duwur tur ireng ananging raine ora elek yo sedheng-sedhrng wae, brengose
wis thukul sithik-sithik. Salim wis tau pacaran kaping telu ananging gagal
kabeh amargi kurang cocok.
Wis suwi anggene Salim lan Darmini kenal banjur Salim ngajak
Darmini urip bebarengan, nanging Darmini isih ora percaya yen Salim kuwi serius
apa mung dolanan tok. Salim tansah ngeyakinanke Darmini yen Salim kuwi serius
anggene ngajak urip bebarengan. Darmini perca karo pangajakane Salim.
Sawijining dina Salim lan Darmini lunga menyang Sleman sowan
marang mbok Soma, mbokne Darmini. Salim jelaske yen Salim kuwi duwe niat arep
ngajak Darmini urip bebarngan, uga nyuwun pangestu marang mbok Soma supados
ngretuni Salim lan Darmini bisa omah omah lan urip sesarengan. Mbok Soma ngrestuni
Salim anggene arep urip bebarengan karo Darmini. Banjur Salim lan Darmini
wangsul menyang pondhokane Darmini.
Kalih minggu sawise saka omahe mbok Soma, Salim ngajak
Darmini sowang marang wong tuone Salim. Isuk-isuk Salim lan Darmini mangkat
menyang Sewon daleme mbok lan bapake Salim. Tekan kono disambut karo mbok,
bapak lan adhik-adhike Salim kanthi seneng lan nrima Darmini apa anane. Banjur
Salim nggenahke marang mbok lan bapakne yen Salim kuwi uwis tenanan anggene
arep urip bebarengan karo Darmini, mbok Marto lan pak Marto sarujuk lan
ngrestuni, mbokne ya bakal nyiapkake borampene ngantenan. Banjur Salim lan
Darmini Wangsul.
Sak uwise nikah, Darmini lan Salim gawe omah ana ing
Dongkelan. Ing omah kuwi Salim lan Darmini ngrasakake susah lan senenge urip
sesarengan. Salim di kon juragene njaga losmen “Sari Asih” sing anyar ana ing
Kaliurang, Salim alih jarang mulih amargi jarake adoh saka omahe. Ning kana
Salim kerja karo mbok Sunah sing dadi tukang ana ing pawon, mbok Sunah duwe
anak wedok jenenge Harti lan bapake Harti minggat ora genah.
Sawijing dina ana wong lanang rada tuo jenenge pak Duryat arep
nginep ing losmen kuwi, mbok Nah sing ora asing karo wajah wong kui kaget
nanging Mbok Nah meneng wae. Pas wayah isuk
Salim lan pak Duryat taksih guneman babagan yen pak Duryat kui nakale
ora karuan lan gadhah garwa ing ngendi-ndi. Garwo-garwone padha di tinggal lunga sak penake wudele dewe
lan namane kui asline dudu Duryat amargi pak Duryat kui uwis gonta-ganti nama
nganti kalih dasa. Pak Duryat celathu yen Harti iku kaya anake dewe, banjur mbok Nah melu nyemauri yen Harti kui emang
anake Pak hartono alias Pak Duryat kui, mbok Nah ngomong ngono karo emosi.
Pak Duryat banjur nyedaki mbok Nah lan nyuwun ngapura karo
mbok Nah nanging mbok Nah malah mlebu ana pawon, pak Duryat marani karo ngomong
arep dijak ijab maneh kanggo nebus dosane wayah biyen. Mbok Nah sing lagi emosi
kuwi banjur jukok peso sing landep banget banjur di balangake marang pak Duryat
nanging pas kuwi Salim sing krungu geger kuwi banjur mara, peso sing mabor kuwi
ora njarak malah nyrempet tangane Salim banjur nancep marang awake pak Duryat.
Tangane Salim metu getihe akeh merga tatne rada jeru, pak Duryat langsung
ambruk amarga getihe metu akeh nanging ijek urip jalaran peso mau nyrempet
tangane Salim disek.
Ana kedadeyan kui Pak Garda sing duwe losmen kui teka banjur
nulungi salim lan Pak Duryat. Pak Garda gawa pak Duryat lan Salim ana ing rumah
sakit banjur nglaporake ana ing kantor polisi. Pak Garda uga ngabari kluargane
Salim. Kluargane Salim banjur ngabari mbokne Darmini lan Mbok Marto ngabari
Darmini kanthi alon-alon supaya Darmini sing ijek ngandung kui ora kaget. Sesuk
isuk padha njenguk salim, sing wis teka disek mbok Soma lan adhine Darmini
banjur ora suwi mbok Marto karo Darmini teka. Sajake padha kuatir karo kondisine
Salim, Salim nyritakake kahanan sing kedadeyan wingi kuwi marang sak kluargane.
Salim ileng marang pak Duryat sing kluargane durung ngerti lan ora ana sing
njenguk kae. Mbok Soma lan adhine Darmini niliki pak Duryat kui banjur kaget
jebul kui Darmono bojo biyen sing ninggalake Darmini pas ijek cilik lara polio
kae. Pak Duryat ya ijek kelingan marang Soma kuwi banjur Darto ngajak mbokne
metu supaya mbokne kuwi bisa nglupakake kahanan bapake mbak Dar sing ora becik
kuwi. Salim sing weruh kedadean kuwi malih ngrasa was-was. Salim curiga yen pak
Duryat kui uga bapak kandhunge.
Salim ngajak metu mbokne banjur takon babagan bapakne, pak
Marto kuwi dudu bapak kandhunge. Mbokne banjur crita yen pak Marto kuwi pancen
dudu bapak kandhunge Salim. Biyen mbok Marto kui duwe pacar jenenge Surip
nanging pas ijek ngandhung Salim malah lunga ora bali-bali banjur di rabeni
karo pak Marto kuwi. Salim tansah curiga banjur ngomong karo mbokne yen pak
Duryat kuwi bapak kandunge Darmini, Pak Duryat kuwi uwis ganti jeneng nganti
rongpuluh, Salim curiga yen Pak Duryat kuwi pak Surip. Banjur Salim ngajak
mbokne nemuni Pak Duryat. Mbok Marto sing weruh rupane pak Duryat kae kaget
karo jiwit Salim kanggo mertandani yen pak Duryat kuwi pancen pak Surip bapak
kandhunge Salim. Salim banjur ngajak mbokne metu karo ngomongi mbokne supaya
kedadean iki di jaga aja nganti ana sing ngerti perkawis iki. Salim mrasakke
sedih ora karuwan merga Darmini iku adhine sing beda biyung. Salim tresna
marang Darmini tenanan, Salim ora ngerti apa sing bakal kedaden. Salim uga
mikir anake sing lagi dikandhung Darmini kuwi “Kala Srenggi” sing bakale lair.
Salim tansah sedih ora karuwan lan ora bisa tenang merga kedadean kae.
Sak uwise Salim mari, Salim banjur nyambut gawe ana ing
losmen kaliurang kae. Perkarane mbok Nah kae bebasake jalaran pak Duryat ngajak
ijab mbok Nah lan mbok Nah uga sarujuk, wong loro kuwi banjur dadi omah-omah
maneh.
Sawijining dina pak Duryat teka ana ing losmen arep nginep
lan nostalgianan ngajak karo mbok Nah lan Harti. Isuk-isuk Salim ijek wae
ngalamun babagan kedadean kae, Salim ijek ngrasake wedi apa sing bakal kedadean
bek anake sing “Kala Srenggi” kae. Pak Duryat nemuni Salim lan ngajak
mlaku-mlaku ana ing lereng Gunung karo ngobrol-ngobrol sinambi nyawang alam
sing endah gaweane Gusti maha Kuasa iku. Pak Duryat ngrasa kesel banjur ngajak
salim liren ana ing ngisor uwit karo nyawang endahe alam.
Lagi enak-enak nyawang kaedndahaning alam sing gumelarana ing
perenging Gunung Merapi, ana kaendahan liya sing nggegirisi. Wedhus gembel
Gunung Merapi sing adate mlorot medhun nasak pereng nylorong neng jurang, awan
kuwi, wedhus gembel kuwi nglumba, mencolot nglumpati jurang, ambyuk ing desa
Turgo sakiwa tengene. Omah-omah padha kobong, sing neng jero omah mesthi padha
gosong. Salim lan pak Duryat kang thenguk-thenguk ana ngisor uwit uwis ora bisa
nggiwar maneh. Wong loro dadi mlonyoh, ketrajang awan panas gunung Merapi.
Salim ngomong marang pak Duryat yen salim ki anake, kanthi megap-megap pak
Duryat nyemauri yen jebul Salim kui ngrabeni adhine dewe. Banjur wong loro kuwi
mati ana ing kana.
Unsur Instrinsik
1. Tema : wong sing arep
omah-omah
2. Latar:
a. Latar tempat: toko ramai, malioboro, pondhokan, prapatan, pertelon, omahe
mbok Soma, omahe pak Marto, losmen, warung-warung, rumah sakit, omahe salim lan
Darmini.
b. Latar waktu: isuk, awan, sore, bengi
c. Latar suasana: nyenengake, misakke, terharu, romantis, sedih, tegang,
getunake.
3. Penokohan
a. Darmini: apikan, lugu, kalem, baik hati, ramah, sopan.
b. Salim : apikan, rada nakal biyene, ramah, sopan, romantis.
c. mbok Soma: sareh, gemati, ramah , apikan
d. Darto : apikan, sopan, ngajeni.
e. pak Marto: sareh, sopan, bijaksana, apikan, gemati.
f. mbok Marto : sareh, gemati, sopan, apikan.
g. Suradi : apikan , sopan, ngajeni, lucu.
h. kuwato : apikan , lucu, ngajeni, sopan.
i. Siti ; sopan, apikan, ngajeni, ngeyelan, lucu.
j. mbok Sunah: apikan, sregep, emosinan.
k. Harti : lugu, sopan, ngajeni.
l. pak Duryat: playboy, romantis, ngapusinan.
m. pak Garda: sareh, bijaksana, apikan, gemati.
4. Alur
: maju mundur campuran.
5. Amanat
: tresna kuwi ora mandhang rupa lan bandha, arep
omah-omah kui sing penting ana tresna ora mung nafsu sahwat. Aja gawe gampang
anggene omah-omah banjur di tinggal lunga sak penake dewe. Wong sing tumindak
ala mesthi bakal pikantuk piwalesan sing ora becik.
6. Sudut pandang : Sudut
pandang wong sing pertama lakon utama.
7. Gaya bahasa : ginakake
basa saben dina-dina.
Kelebihan Novel
Novel Wedhus
Gembel Gunung Merapi iki pancen apik tenan, novel iki nyritakake kahanane urip
sing ana ing masyarakat wong cilik. Novel iki uga maringi pangerten babagan
omah-omah sing sae lan urip sing sae, uga nyritakake wong sing tumindak ala.
Kekurangan Novel
Novel iki
kurange mung sithik, kaya crita terakhire kuwi rada ora jelas, judhul lan isine
uga rada ora nyambung nanging ya nyambung wae. Uga nyritakake babagan sing saru
ya kurang jelas sanget.
Manfaat Isi Novel
Novel iki
manfaat banget kangge tiyang enem sing lagi pengen arep omah-omah, amargi novel
iki nyritake babagan omah-omah sing sae lan becik tumindake
Saran
Novel Wedhus
Gembel Gunung Merapi iki ya wis apik banget bisa nyariosake babagan sing ana
ing kauripan sak dina-dina. Anggen luwih sae malah ceritane radi akeh malih lan
cerita akhire di lajengake supados genah apa sing di kwatirake utawa akibate
kae bakale kedaden.